I. WULANGAN 8

WULANGAN 8

Mata Pelajaran  : Bahasa Jawa

Kelas/ Semester     : X/ Genap

I. NYEMAK

A.  Semakan

Salah satunggal siswa maos, dene siswa sanesipun nyemak!

SESORAH

Sesorah utawi pidhato ugi sinebat medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan, pamanggih, utawi osiking manah sarana lisan ing sangajenging tiyang kathah. Menawi mekaten sawenehing tiyang ingkang kapatah dados panata titi laksana menika ugi kalebet ewoning tiyang sesorah, ananging beda jejibahan. Pidhato utawi wicantenan ing sangajengipun tiyang kathah menika boten gampil, pramila kedah nggadhahi sangu saha remen gladhen utawi latihan. Kanthi mekaten jinisipun pidhato utawi sesorah saged kabedakaken dados warni sekawan, inggih menika:

1.  Sesorah kanthi cara apalan

Sesorah cara menika saderengipun sampun damel seratan pidhato lajeng  dipun-apalaken tembung-tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan cathetan. Dados boten mawi utawi wonten pamanggih-pamanggih enggal, amargi sampun kapurba dening cathetan. Ing mriki adhakanipun menawi apalanipun wonten ingkang kesupen, lajeng saged kesupen sedayanipun. Pramila cara menika asring dipun-ginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.

2. Sesorah kanthi cara naskah utawi teks

Sesorah cara naskah utawi teks menika juru pamedhar sabda saestu mbekta naskah pidhato lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipun-apalaken. Kanthi ancas supados boten mlenceng kaliyan tujuwan sakawit, boten klentu saha wekdalipun winates.

3. Sesorah kanthi cara dadakan utawi impromptu

Sesorah cara dadakan menika cara pidhato ingkang boten kanyana-nyana saderengipun menawi badhe dipunaturi pidhato utawi ndhadhak ing adicara menika lajeng dipunaturi pidhato. Kanthi menika piyantunipun kedah ingkang sampun bêkèn lan padatan kersa medhar sabda. Sangunipun cara sesorah menika kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman saha seserepan.

4. Sesorah kanthi cara ekstemporan

Sesorah cara menika, juru pamedhar sabda ngasta cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipun-ngendikakaken. Cathetan wau namung wos-wos utawi garis ageng ingkang badhe dipun-aturaken kemawon. Ing salajengipun samangke badhe dipun-ngrembakakaken kanthi pamanggih-pamanggih enggal ingkang salaras kaliyan swasana nalikanipun saweg pidhato.

Sesorah miturut isi lan basanipun ugi nggadhahi sipat-sipat antawisipun sesorah menika ringkes lan prasaja, basanipun rowa lan rinengga, popular, ilmiah, mligi utawi umum. Kejawi menika nalika nindakaken sesorah kedah angadhahi sangu utawi syarat, kados ta:

1. Patrap utawi sikep

Patrap utawi sikep kedah nggadhahi tata krami utawi trapsila, inggih menika solah bawa, tindak-tanduk ingkang prasaja utawi menapa wontenipun boten dipundamel-damel. Mimiek utawi ewahing pasuryan katingal sumringah anengsemaken amargi swasananipun swasana remen. Ebahing anggota badan ugi kaginakaken kangge nambahi gesanging pangandikan, upami njlentrehaken kanthi raos semangat makantar-kantar, mesthi kemawon astanipun juru pamedhar sabda ngetingalaken raos semangat upaminipun kanthi ngepel asta. Kejawi ing upacara pangrukti layon, mesthi kemawon pasemon ugi ngetingalaken raos sedhih utawi ndherek ngraosaken dukita.

2. Busana lan Ngadi sarira

Nalika nindakaken ayahan, busananipun saha anggenipun ngadi sarira ugi kedah dipunlarasaken kaliyan kawontenan, wonten paribasan “ Ajining sarira saka busana”. Liripun, sampun ngantos kasor prabawa (norak) ing salebeting pasamuan ingkang saweg dados punjering kawigatosan tumrap ingkang sami rawuh.

3. Basa lan Sastra

Basa minangka pirantos utawi sarana lelantaran, sesambetan utawi lung tinampen kaliyan para tamu ingkang mirengaken, pramila basanipun mboten basa dakik-dakik ingkang tetembunganipun dereng utawi boten dipunmangertosi ing ngakathah, ananging basa ingkang gampil dipuntampi utawi basa komunikatif tuwin trep utawi pas ing panganggenipun, antawisipun:

  1. Sinten ingkang gineman
  2. Sinten ingkang dipunajak gineman
  3. Sinten ingkang dipunginem
  4. Swasana nalikanipun gineman
  5. Sami mangertosi ingkang dipunginem.

Pramila boten leres menawi anggenipun nindakaken sesorah ngginakaken basa apalan, nanging kedah mangertosi kabetahan saha swasana nalikanipun saweg pangandikan, saengga saged mulur mungkret ngengeti swasana, wekdal saha kabetahanipun.

( Kabesut saking: Drs. Sutardi Atmasandjaja, Tuntunan Sesorah saha Paniti Laksana, kaca 13-21 kanthi ewah-ewahan sawetawis)

B. Gladhen

Kawangsulana pitakenan ing ngandhap menika kanthi jangkep!

1. Menapa ingkang kawastanan sesorah menika?

2. Nalika nindakaken  sesorah wonten cara-caranipun piyambak. Cobi kasebatna saha katerangna kanthi ringkes caranipun!

3. Nindakaken sesorah menika boten gampil, pramila kedah nggadhahi sangu saha remen gladhen. Menapa kemawon sangunipun tiyang sesorah? Kasebatna lajeng katerangna?

4.  Kados pundi basanipun tiyang ingkang sesorah menika?

5. Sesorah miturut isi lan basanipun menika nggadhahi sipat-sipat kados ta:

a) ringkes lan prasaja      b) rowa lan rinengga.

Cobi kaandharna tegesipun!

6. Karingkesa andharan ing nginggil punika mawi basa krama!

II. MICARA

A. Waosan

Kawaosa teks sesorah ing ngandhap menika kanthi 4-W (wicara, wiraga, wirasa, saha wirama) ingkang sae!

Tuladha Sesorah ing Adicara Lamaran

1. Aturipun ingkang Kagungan Dalem

Bismillaahir rohmaanir rohiim

Assalaamu’alaikum warohmatulloohi wa barokaatuh,

Nuwun; dhumateng panjenenganipun Bapak-bapak duta saraya ingkang minulya; Para lenggah ingkang dahat kinurmatan.

Keparenga kula ngaturaken kasugengan awit saking rawuh panjenengan sedaya wonten ing dalemipun Bapak Suparyanto sekaliyan, saklajengipun sumangga kasekecakna lenggahipun kanthi mardikaning penggalih. Saderengipun wigatining pepanggihan dipunpurwakani, sumangga langkung rumiyin sesarengan ngagungaken asmanipun Allah kanthi maos:

Bismillaahir rohmaanir rohiim

Matur nuwun.

Wassalaamu’alaikum warohmatulloohi wabarokaatuh.

Saklajengipun, wekdal sacekapipun kula sumanggakaken dhumateng Bapak-bapak tamu duta saraya, keparenga paring pangandikan menggah wigatosing rawuh panjenengan sami. Sumangga.

2. Aturipun Duta Saraya

Bismillaahir rohmaanir rohiim

Assalaamu’alaikum warohmatulloohi wa barokaatuh,

Kasugengan rahmat saha berkahing Allah ingkang Maha Asih, mugi tansah kajiwa kasarira dening para lenggah ingkang minulya.

Nuwun; Dhumateng panjenenganipun Bapak Suparyanto sekaliyan saha Bapak Sukirno ingkang kepareng amakili, miwah para rawuh ingkangn dahat kinurmatan.

Inggih awit saking panguwaos dalem Allah, saha pikantuk pangestu saking panjengengan sami, sowan kula sakanca wonten ngarsanipun Bapak Suparyanto sekaliyan tansah winantu ing karaharjan, kalis saking sambekala.

Saderengipun kula ngaturaken menggah babaring sedya, langkung rumiyin keparenga kula ndherek pitepangan dhumateng panjenengan sedaya. Nama kula Suharjo, ingkang wonten sisih tengen kula menika Bapak Sugiyono, dene ingkang wonten ing sisih kering punika Bapak Sugito. Kula tetiga menika kalebet setunggal pedhukuhan kaliyan Bapak Kaeroni ingkang kepareng utusan.

Bapak Sukirno ingkang dahat kinurmatan, keparenga kula ngaturaken wigatosing sowan kula wonten ngarsa panjenengan sekaliyan. Ingkang angka sepisan badhe silaturahmi dhumateng panjenengan sakulawarga, saha dhumateng Bapak-bapak ingkang kepareng rawuh ing pepanggihan punika.

Dene ingkang angka kalih, sowan kula dipunkantheni salam taklim saking Bapak Kaeroni sekaliyan, mugi katur wonten ngarsanipun Bapak saha Ibu Suparyanto.

Ingkang angka tiga, sowan kula kinen ngebun-ebun enjang  anjejawah sonten, nglamar putra-putri panjenengan ingkang sesilih pun Rr Suciati.

Inggih awrat-awratipun minangka jejering tiyang sepuh ingkang dipuntangisi putra, utawi ingkang sampun limrah kawastanan “Anak polah Bapa pradhah”, pramila lajeng kepareng utusan dhumateng kula, supados ndhodhog kori saha ngganten jambe sedhahipun.

Pramila mbokbilih wonten dhanganing penggalih saha wonten keparengipun, ingkang putra badhe kasuwun, kadhaupaken kaliyan putra kakungipun Bapak Kaeroni sekaliyan ingkang peparab pun Bagus Sulastiyo. Pangajabipun Bapak Kaeroni sekaliyan, putra kekalih sageda dados lantaransaya supeketing kekadangan antawisipun kulawarga kekalih.

Aturipun Bapak saha Ibu Kaeroni ingkang pungkasan, mbokbilih panyuwunipun dipunkeparengaken, sakderengipun lan sasampunipun namung saged ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan.

Mekaten atur kula minangka sulih sariranipun Bapak Kaeroni sekaliyan, mbokbilih wonten atur saha patrap ingkanng boten nuju prana, inggih awit saking cupeting seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra, keparenga panjenengan paring agunging pangaksami. Matur nuwun.

Wassalaamu’alaikum warohmatulloohi wabarokaatuh.

3. Aturipun Wakil Kulawarga

Bismillaahir rohmaanir rohiim

Assalaamu’alaikum warohmatulloohi wa barokaatuh,

Matur nuwun dhumateng Bapak Suharjo, minangka sulih sarira saking Bapak Kaeroni sekaliyan ing Gamping.

Sedaya pangandikanipun sampun saged katampi kanthi gamblang dening Bapak Suparyanto sekaliyan. Keparenging sedya  Bapak Kaeroni sekaliyan badhe mundhut putra mantu dhumateng Rr. Suciati, saestu dadosaken bombonging manah, saklajengipun kasumanggakaken kanthi suka lila legawaning wardaya.

Namung panyuwunipun Bapak saha Ibu Suparyanto, rehning putra-putrinipun taksih ijem, ingkang ateges kathah sanget kekiranganipun ing sedaya kawruhipun tiyang bebrayan, pramila sumangga katampia punapa wontenipun kanthi suka renaning penggalih.

Wusana, mugi-mugi para putra saestu sageda dados srana manunggaling kulawarga kekalih, langgeng anggenipun sami pasedherekan.

Bapak-bapak kadang duta saraya, saha para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, rehning wonten ngarsa panjenengan sami sampun katur pasugatan prasaja wujuding unjukan saha sawatawis dhaharan, sumangga keparenga tumunten angrahapi kanthi sakprayoginipun saha kanthi mardikaning penggalih. Sumangga kula dherekaken.

4. Atur Pamitan dening Duta Saraya

Bismillaahir rohmaanir rohiim

Assalaamu’alaikum warohmatulloohi wa barokaatuh,

Dhumateng panjenenganipun Bapak Ibu Suparyanto, Bapak Sukirno minangka wakiling kulawarga, tuwin para rawuh ingkang dahat kinurmatan.

Keparenga sumela atur, ndherek nggempil kamardikan panjenengan sami. Rehning wigatosing sowan kula sampun katampi saha sampun kaparingan katerangan ingkang trewaca, pramila kula sakanca kepareng madal pasilan, nyuwun pamit, wangsul dhumateng dhusun Nogotirto sowan wonten ngarsanipun Bapak Kaeroni ngaturaken Kabul kawusananipun minangka jejering duta.

Namung mbokbilih sowan kula sakanca wonten kiranging subasita, saha wonten wijiling wicara ingkang boten dadosaken renaming penggalih, keparenga panjenengan sedaya paring agunging pangaksami. Matur nuwun.

Wassalaamu’alaikum warohmatulloohi wabarokaatuh.

5. Aturipun Wakil Kulawarga

Bismillaahir rohmaanir rohiim

Assalaamu’alaikum warohmatulloohi wa barokaatuh,

Panjenenganipun para kadang duta saraya ingkang dahat kinurmatan, Bapak Suparyanto sekaliyan matur nuwun sanget awit saking rawuh panjenengan, saklajengipun nyuwun pangaksami mbok bilih anggenipun ngacarani saha atur palenggahan tuwin pasugatan kirang mranani penggalih.

Kondur panjenengan sami Bapak Suparyanto sekaliyan naming saged ndherekaken kasugengan, mugi rahayu ngantos dumugi dalemipun piyambak-piyambak.

Mboten kesupen, Bapak Ibu Suparyanto ugi ngaturaken salam taklim dhumateng Bapak Kaeroni sekaliyan, mugi wonten kepareng panjenengan angaturaken.

Para rawuh ingkang minulya, sumangga pepanggihan ing kalenggahan punika dipunpungkasi kanthi sesarengan maos hamdalah:

Alhamdulillaahi robbil’aalamiin.

Kula minangka wakiling  kulawarga, nyuwun agunging pangaksami mbokbilih anggen kula matur kathah tuna dungkapipun.

Wasana ndherekaken sugeng kondur, sugeng pepisahan, mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih. Matur nuwun. Akhirul kalam:

Wassalaamu’alaikum warohmatulloohi wabarokaatuh.

( Kabesut saking :Muh. Muslich H.S  saha Drs. Hariyoto, Tuladha Prasaja kaca:7-15)

B. Praktek Sesorah

Para siswa damel kelompok lajeng katindakna simulasi tumapaking upacara lamaran punika ing sangajenging kelas. Dene siswa sanesipun nanggapi dhateng kancanipun ingkang sampun majeng praktek adhedhasar 4W ( wicara, wirama, wirasa, saha wiraga).

III. MAOS

A. Waosan

Kawaosa teks sesorah ing ngandhap menika kanthi premati!

Tuladha teks sesorah ingkang ngrembag bab Busana Penganten.

Busana Ing Upacara Penganten

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun, kasugengan rahmat saha berkahing Allah SWT, mugi tansah kajiwa kasarira wonten ngarsanipun sagung para lenggah ingkang minulya. Para pepundhen, para sesepuh, saha para pinisepuh ingkang dahat kinabekten, saha para tamu kakung saha putri ingkang dahat kinurmatan. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun paring kanugrahan lan kanikmatan, saengga kula panjenengan sedaya saged pepanggihan wonten ing sasana menika kanthi boten wonten alangan setunggal menapa.

Para rawuh ingkang kinurmatan, ing pepanggihan menika, kula badhe ngandharaken busana ing upacara penganten Ngayogyakarta. Busana menika saged kangge titikan kabudayaning bangsa. Mekaten ugi tumraping tiyang Jawi. Wonten reroncening tetembungan ingkang ungelipun “ Ajining raga saka busana”. Menika mratandhani bilih tiyang dipunaosi menapa boten gumantung kaliyan busana ingkang dipunagem. Ing wekdal samangke busana penganten adat tradhisional taksih dipunlestantunaken, jalaran kayektosanipun sanajan jamanipun sampun majeng sanget, nanging menawi ngawontenaken pawiwahan palakrama, tiyang jawi taksih ngginakaken  busana adat tradhisional Jawi. Penganten menika asring kasebat “Raja sa-ari”, pramila busananipun inggih niru utawi ngemba busana raja.

Kala semanten, busana penganten naming dipunginakaken dening kulawarga kraton, nanging samenika sampun mrantah dipunangge dening masyarakat limrah. Awit kawontenaning masyarakat maneka warni, pramila wujuding busana penganten ugi maneka warni, wonten ingkang prasaja nanging wonten ingkang edi peni sarwa gumebyar. Sedaya wau sae kemawon sauger boten nerak paugeran.

Bapak-bapak, ibu-ibu saha para tamu ingkang minulya, perlu kawuninmgan bilih busana penganten gagrag Ngayogyakarta menika sakawit wonten gangsal. Awit saking kathahipun panyuwunan saking masyarakat mliginipun ingkang ngrasuk agami Islam, Kraton Ngayogyakarta netepaken busana penganten Paes Ageng Kanigaran, minangka busana resmi gagrag Nyayogyakarta. Kanthi mekaten busana penganten gagrag Ngayogyakarta menika wonten 6 inggih menika:

1. Busana Penganten Paes Ageng

2. Busana Penganten Paes Ageng Jangan Menir

3. Busana Penganten Yogya Putri

4. Busana Penganten Kasatriyan Ageng

5. Busana Penganten Kasatriyan

6. Busana Penganten Paes Ageng Kanigaran.

Bapak-bapak, ibu-ibu ingkang minulya ing budi. Busana Penganten Paes Ageng Kanigaran menika corakipun sami kaliyan busana Paes Ageng, nanging dipunagemi rasukan, kulukipun ngagem kuluk kanigaran. Busana Kanigaran menika prayogi sanget  tumrapipun ingkang sami kepengin ngagem busana Paes Ageng, sarta boten perlu ajrih winastanan boten nutup aurat jalaran sampun ngagem rasukan.

Mangga busana-busana menika dipunuri-uri kanthi nglestantunaken saha ngrembakakaken  ing pagesangan padintenan.

Para tamu ingkang dahat kinurmatan, kados cekap semanten rumiyin ingkang saged kula aturaken. Wonten kirang subasita, saha kirang tumata pangrakiting basa, saestu kula nyuwun gunging samodra pangaksami. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

(Kabesut saking: Yogya Basa 3 dening Kuswa Endah, kanthi ewah-ewahan sawetawis)

B. Wujuding Busana Penganten

BUSANA PENGANTEN

GAGRAG NGAYOGYAKARTA

1. Busana Penganten Paes Ageng Basahan

Kawastanan Paes Ageng, amargi rikala rumiyin busana penganten menika kaagem ing upacara ageng kadosta pahargyan putra-putrinipun Sri Sultan Hamengku Buwana ing Kraton Ngayogyakarta. Miturut Condronegoro, ingkang kawastanan Paes Ageng boten busananipun nanging paesipun. Busananipun kasebat busana basahan. Busana menika kaangge ing upacara ijab lan pahargyan  ( resepsi) kulawarga kraton.

4. Busana Penganten Yogya Putri

Busana menika kaagem dening putra-putri sultan ingkang badhe sowan Gubernur ing saben wulan Agustus. Wanci menika busana Penganten Yogya Putri dipunginakaken ing upacara pahargyan temanten.

2. Busana Penganten Paes Ageng Kanigaran

Busana menika dipunginakaken ing adicara panggih pinanganten.

5. Busana Penganten Kasastriyan Agung

Busana menika dipunginakaken nalika pengetan malem selikuran, ananging samenika sampun kaginakaken sedaya golongan masyarakat kangge upacara panggih ( resepsi).

3. Busana Penganten Paes Ageng Jangan Menir

Busana menika kaagem dening putra-putri sultan, Paesipun kalebet paes Ageng, busananipun wujud busana jangan menir. Busana menika dipunginakaken nalika boyongan utawi penganten ingkang nyuwun idin Sultan medal saking tlatah kraton. Wanci menika Paes Ageng Jangan Menir dipunginakaken masyarakat umum ug limrah dipunginakaken ing upacara pahargyan.

6. Busana Penganten Kasastriyan

Busana menika ingkang prasaja piyambak menawi katandhing busana penganten sanesipun. Busana menika kathah kaagem masyarakat limrah ing acara pahargyan, ugi saged kaagem nalika ngundhuh mantu utawi boyong penganten.

C. Gladhen

Kawangsulana ngangge basa ingkang sae!

1. Penganten kawastanan “raja sa-ari” menapa maknanipun?

2. Saking tuladha sesorah ing nginggi;, busana penganten gagrag Ngayogyakarta wonten pinten? Sebataken!

3. Menapa sebabipun kawastanan busana Penganten Paes Ageng?

4. Kados pundi caranipun nglestantunaken kabudayan Jawi kalebet busana penganten?

5. Minangka tiyang Jawi, kedah tuwuh raos “ rumangsa handarbeni” dhateng busaya Jawi, menapa maknanipun?

6. Kathah wujuding busana penganten ing jaman samenika menapa taksih nuhoni busana penganten gagrag Ngayogyakarta?

7 Ing jaman rumiyin, wanci menapa penganten migunakaken busana Penganten Paes Ageng Jangan Menir?

8. Wonten ing upacara penganten, wonten istilah pawiwahan kaliyan pahargyan penganten. Cobi sebataken menapa bedanipun!

Pawiwahan

Pahargyan

a. a
b. b.
c. c.
d. d.
e. e.
f. f.

IV. NYERAT

Gladhen sesorah.

Cobi kadamela lajeng kagladhena ing ngajeng kelas, sesorah ingkang wosing rembag ngengingi para mudha sampun ngantos kelut ing:

1. Inum-inuman keras saha narkoba.

2. Budaya seks bebas.

3. Kasumanggakaken miturut pamanggihipun para siswa.

Ingkang kedah kaandharaken antawisipun:

1. Inum-inuman keras saha narkoba, wosing rembag:

a. Pengaruh rikalanipun ngginakaken inuman keras saha narkoba.

b. Pengaruh ing bebrayan sakiwa tengenipun ingkang mendem.

c. Ing babagan ukum satleraman.

d. Pengaruh inuman keras saha narkoba dhumateng kasarasan ( kesehatan ).

2. Budaya seks bebas.

a. Budaya seks bebas miturut budaya Jawi saha agami.

b. Akibatipun tumrap para mudha.

c. Pengaruhipun tumrap bangsa lan negari Indonesia.

%d bloggers like this: