E. WULANGAN 5

WULANGAN 5

Mata Pelajaran                : Bahasa Jawa

Kelas/ Semester            : X/ Ganjil

I. NYEMAK

A. Waosan

Siswa nyemak tuladha waosan basa Jawi ingkang kawaos dening salah satunggaling siswa.

RUWATAN  MURWAKALA

Saperangan masyarakat Jawa isih nduweni kapercayan ing babagan wong kang kalebu sukerta. Sukerta yaiku wong sing kadunungan nasib ala utawa kacilakan lan kudu diruwat. Tembung ngruwat ngemu teges nguwali utawa ngluwari saka kacilakan lan katiwasan lan supaya ora dadi pangane Bethara Kala.

Kahanan utawa bab kang njalari kudu dianakake ruwatan ing jaman biyen akeh banget, umpamane wong kang lagi adang banjur dandange ngguling, wong kang nugelake pipisan utawa gandhike, lan sapiturute, nganti bocah-bosah kang kalebu sukerta. Kabeh mau bakal dadi pangane Bathara Kala. Akeh banget bocah sing dipercaya kalebu wong sukerta, kaya kasebut ing ngisor iki.

1. Bocah ontang-anting, yaiku anak siji lanang kang ora duwe tunggal.

2. Boca unting-unting, yaiku anak siji wadon kang ora duwe tunggal.

3. Uger-uger lawang, yaiku anak loro lanang kabeh.

4. Kembang sepasang, yaiku anak loro wadon kabeh.

5. Gedhana-gedhini, yaiku anak loro lanang  lan wadon.

6. Gedhini- gedhana, yaiku anak loro wadon lan lanang.

7. Sendhang kapit pancuran, yaiku anak telu, sing tengah wadon.

8. Pancuran kapit sendhang, yaiku anak telu, sing tengah lanang.

9. Pandhawa lima, yaiku anak lima lanang kabeh.

10. Pandhawa ngayomi, yaiku anak lima wadon kabeh, lsp.

Tata carane wong ruwatan ing jaman saiki ana warna – warna, saka sing mung prasaja kanthi pandonga wae, ana sing diruwat dening wong pinter, tokoh spiritual utawa dhukun, nganti sing rowa gawene yaiku kudu nanggap wayang. Lah, yen sing nganggo nanggap wayang mau, critane utawa lakone uga banjur disebut lakon ruwatan. Lakon ruwatan uga ana sawetara, ing antarane yaiku lakon kang disebut Murwakala.

Minangka jangkeping upacara ing Ruwatan Murwakala, padatane dhalange njaluk disedhiyani ubarampening sesajen. Bab cacahing sesajen, padatane manut panjaluke dhalang sing wis pana ing babagan ruwaan. Mula ora angger dhalang bisa lan wani mayang kanthi lakon Murwakala kanggo ruwatan, awit mula abot sesanggan tanggungjawabe.

Kacarita ing lakon Murwakala, laire Bathara Kala iku awit saka kama salah, yaiku lair saka bapa biyung kang during sah anggone nindakake neningkahan utawa praningkah. Ya merga laire kang ora bener iku, mula Bathara Kala iku pakanane sadhengah wong sing kalebu sukerta mau. Mula Bathara Kala kudu ditelukake dening wong kang mumpuni. Ya ing lakon Murwakala iku, dhalang bisa ngerti marang wewadi kang njalari Bathara Kala bisa lara wekasan wedi lan kapok ora bakal ngganggu marang wong kang diruwat.

Ruwatan Murwakala iku ateges mengku gati ngruwat bocah sukerta ngiras pantes nanggap wayang minangka panglipur tumrap masyarakat sakiwa tengene. Mesthi wae saka crita wayang mau uga ana piwulang luhur tumrap masyarakat, amarga wayang mono kalebu kesenian tradhisional sing pancen luwes lan akeh pigunane, kalebu ngudhal piwulang becik.                                                                           ( Kapethik saking:  Yogya Basa 3, kaca 49- 50)

B. Andharan dhedhapukaning wayang kulit

Ngelmu kang sinamar ing sajroning dhedhapukaning wayang kulit.

Miturut dedongengane para sarjana, pandhapuke wayang kulit mau ngemot suraos-suraos kang tandhes tumrap ngelmu kebatinan. Pangagite Kanjeng Sunan Kalijaga, kang gawe rerangkene wayang mawa kelir, blencong, kothak, lsp.

1. Kelir utawa warana ( layar )

Menawa para pamirsa nonton wayang ana ing saburine kelir, mangkono iku minangka pralambang uripe manungsa. Sasolah bawane among weruh wewayangane ( bayangane ). Awake manungsa minangka warananing ( penyekat ) sukma. Menawa dirasakake, wayang mau bisa obah, micara dhewe, menang, kalah, lan asor derajade amarga dhalang. Kelir nglambangake pasemoning jagad gumelar.

2. Dhalang

Dhalang nduweni jejibahan nglakokake cerita wayang. Dhalang nglambangake  Gusti sesembahane manungsa.

3. Wayang

Wayang nglambangake awake manungsa.

4. Blencong

Blencong awujud lampu kanggo madhangi kelir lan wayang. Blencong ateges ubaling geni mencong. Blencong minangka dammar ( pelita ) kango jagad, ing tata laire kasebut surya.

5. Kothak

Kothak yaiku peti wayang. Kothak iku kanggo nyimpen wayang. Menawa dhalang sawise nyritakake sawijining  paraga banjur mungkasi paraga mau lan dilebokake ing kothak, ateges paraga ing lakon wayang mau uwis dicukupi caritane ( wis mati ) lan ora ditokake maneh ing carita sateruse, kajaba ing carita lan wektu liyane.

6. Kayon utawa gunungan

Kayon dumadi saka tembung kayu ateges urip utawa kekarepan. Maknane amung sing nduweni sipat urip wae, sing bisa miwiti sakabehe panguripan ing ngarcapada yaiku amarga kersane lan kuwasane Kang Mahakuwasa.

(Kabesut saking: Mulyono. Serat Babad Ila-ila. Kaca 178-179)

C. Negesi Tembung

1. dandang                    :

2. pipisan lan gandhik:

3. prasaja                      :

4. rowa                         :

5. jangkep                     :

6. ubarampe                  :

7. kama-salah                :

8. gati                           :

9. ngudhal                     :

10. jagad                       :

D. Gladhen

1. Tiyang ingkang kados pundi ingkang kedah dipunruwat?

2. Menapa ingkang dipunsebat uger-uger lawang, gedhana-gedhini lan sendhang kapit pancuran?

3. Menapa ingkang kasebat Murwakala menika?

4. Sinten ingkang kedah ngruwat ing ruwatan Murwakala?

5. Menapa sebabipun Bathara Kala remen mangsa tiyang?

6. Menapa sebabipun Bathara Kala lajeng kapok lan boten nganggu tiyang ingkang sampun dipunruwat?

7. Ing ruwatan Murwakala, wonten kalih prekawis ingkang karengkuh, babagan menapa kemawon?

8. Menapa kemawon menggah ginanipun ringgit purwa?

9. Dhalang ing pagelaran ringgit wacucal nglambangaken menapa?

10. Ing jaman rumiyin pagelaran ringgit wacucal asring ngginakaken blencong supados ebahing ringgit saget ketingal gesang. Menawi wekdal samenika para dhalang menapa sedaya taksih ngginakaken blencong?

II. MICARA

A. Waosan

Waosan ing ngandhap menika kawaosa kanthi pratitis!

PEMIMPIN   NUHONI   ASTHABRATA

Jaman biyen sing diarani pemimpin iku trep karo ratu sing duwe panguwasa lan kawibawan. Nanging saiki sapa wae bisa diarani pemimpin, wiwit presiden, ketua partai, tokoh politik, ketua sawijining organisasi, guru lan liya-liyane. Tumraping kulawarga bapak lan ibu iku uga diarani pemimpin, sebab bisaa minangka patuladhan tumrap putra-putrane, teges sing baku pemimpin iku bisa dadi patuladhan tumrap sok sapaa wae ing sakiwatengene.

Piwulang Asthabrata

Piwulang Asthabrata iku pituture Ramawijaya marang Bharata nalika ngganti jumeneng nata ing Ayodya lan WIbisana nalika dadi nata ing Alengka, kaya kang sinerat ing serat Ramayana yasane Resi Walmiki. Piwulang iki bisa minangka pandom, kepriye sawijining pemimpin nuhoni watak wolung prekara. Astha tegese wolu, brata tegese laku. Pemimpin iku kudu nuhoni watak:

1. Pratala utawa lemah

Lemah iku tansah dedana lan gawe bungahing manungsa. Sanajan diidak-idak sawenenhing titah, dipaculi malah kadang kala dirusak, lemah ora tau serik, ora sambat nanging malah dadi sumbering panguripaning titah ing ngalam donya iki. Tegese pemimpin iku ora gampang nesu, menawa diwenehi panyaruwe ( kritik) lan pamrayoga ( saran), nanging pemimpin kudu sabar kaya dene lemah. Kajaba iku pemimpin kudu seneng weweh marang sok sapaa wae, marang wong sing diayomi, ora cethil, ora owelan, kudu ikhlas lair lan batine. Saengga wong sing ana sakiwa tengene rumangsa antuk panguripan saengga dadi tentrem uripe. Uripe bisa migunani wong liya. Sabecik-becike wong urip, yen bisa migunani uripe kanggo wong liya.

2. Warih utawa banyu

Watake banyu iku tansah adhem, mili mangisor uga dadi sumbering panguripan. Banyu minangka sumber panguripan. Ing badane manungsa 2/3 dumadi saka banyu. Banyu uga marahi adhem. Saya jero kaline saya anteng banyune. Tegese dadi pemimpin kudu bisa ngayomi andhahane, satemah andhahane rumangsa ayem, adhem, lan tentrem.  Kajaba iku solah bawa, muna-muni tansah angenaki ati, ora gampang nesu yen kacenthok tembung sing ora cocog karo kekarepane, ora gampang srengan marang andhahane. Menawa ana prekara kudu ditlusur luwih dhisik, aja gampang nibakake pangancam marang wong sing dianggep luput. Kudu bisa milahake tumindak nistha, madya lan utama kanthi pikiran kang wening.

3. Dahana utawa geni

Watak iki ana sambung rapete karo kawibawan. Pemimpin kudu bisa aweh pepadhang marang andhahane utawa sapa wae sing lagi nemu reruwet kanthi ati sing sareh lan pangarah-arah. Yen ana sing kemeren saengga ndadekae kaduk wani kurang deduga, drengki srei, jegal-jegalan ing antarane siji lan sijine, pemimpin kudu bisa ngrampungake nganggo kawibawane, ndandani tumindak kang nistha, njejegake bebener. Ora mung bisa ngluputake nanging kudu bisa menehi tuladha sing bener lan utama.

4. Maruta utawa angin

Kaya wataking angin alon-alon rinasa  sumilir. Ora kawistara tansah ngawat-awati sakabehing tumindake andhahane. Nanging yen bisa aja nganti andhahane rumangsa yen diawat-awati, yen cubriya ya aja dikaton-katonake saengga andhahane dadi ora jenjem anggone nindakake pakaryan. Pemimpin kudu bisa manjing ajur-ajer. Aja mung ngawasi andhahane sing tumindak luput ( miturut dheweke ) ngelingana menawa manungsa iku tansah kanggonan luput  lan lali ( khilaf). Yen ana andhaha sing parawadulan, kudu ditlesih lan dititi priksa luwih dhisik. Manawa ana sing kaanggep luput wenehana pangapura kanthi legawa, bebasan sing jembar segarane.

5. Surya utawa srengenge

Srengenge iku ora pilih kasih, kabeh sing ana ing alam donya diwenehi cahyane, diwenehi panguripan. Srengenge ora molah-malih tansah jumedhul ing sisih wetan lan angslup ing sisih kulon. Ateges dadi pemimpin kudu adil, ora pilih kasih, aja gampang molah-malih panemune, esuk kehele sore wis dadi tempe, tansah teteg lan nuhoni marang sakabehing ucape, supaya andhahane ora dadi bingung. Ora gampang cidra ing janji kaya nuhoni sabda pandhita ratu, sakabehing parentah lan ucap tan kena wola-wali.

6. Sudana utawa lintang

Lintang ing wayah wengi endah banget, kaya mutyara ing akasa. Lintang bisa kanggo pandom tumrap para kadang tani lan nelayan, sunare pating galebyar. Kabeh mau menehi pralambang Manawa pemimpin dadia lintangsing tansah menehi sesuluh marang andhahane, bisa membat mentul pamikire trep karo kahanan, alus budi pakartine landhep panggraitane, bisa kanggo patuladhan para andhahane, ora seneng pamer, lelemeran, ngumbar tetembungan sing bisa nuwuhake congkrah wong siji lan sijine.

7. Mega utawa mendhung

Mendhung bakal nuwuhake udan ing ngendi wae, ora milih papan sing dhuwur lan sing cendhek, sing subur utawa sing bawera.  Pemimpin kudu bisa paring dalan tumujuning kamulyan lan katentreman para kawulane, adil paramarta, kersa paring ganjaran marang  sapa wae sing bisa gawe tentrem lan pinunjul ing samubarang karya, uga paring paukuman marang sapa wae sing pancen luput, tanpa pilih sanak kadang, wong cinaket lan kudu bisa mbedakake wong sing api-api tresna lan wong sing pancen gelem bela lair lan batine. Aja gampang kegiwang dening tetembungan becik ing laire, sebab kabeh mau bisa dadi racun.

8. Thathit utawa Gundala

Wataking thathit lan gundala ( bledheg) iku nyamber marang apa / sapa wae tanpa mawang. Bab iki ana sambung rapete kalunguhaning para paraga sing ngasta bebadan “ yudikatif” utawa “hukum” . Jeksa lan hakim ora kene pilih-pilih marang wong sing diprakara. Sapa wae yen tinemu bkaluputan kudu dipidana. Embuh iku punggawa Negara, nayakapraja, sentana, utawa kadang lan anake sing ngasta panguwasa.

(Kabesut  saking: Jatirahayu, ing Citra Basa 2. Kaca 15-18)

B. Gladhen

1. Sasampunipun nyemak waosan ngengingi “Pemimpin Nuhoni Asthabrata”, kaserata intisarining waosan, lajeng kacariyosna ing ngajeng kelas, siswa sanesipun mirengaken. Menawi wonten kekirangan saged suka pamrayogi (saran).

2. Piwulang utawi budi pekerti menapa kemawon ingkang dumunung wonten ing waosan “ Pemimpin Nuhoni Asthabrata”? Cobi  kaserata!

3. Wayang minangka kagunan ( seni ) lan kabudayan Jawi ingkang sampun pinten-pinten abad laminipun.  Wayang tuwuh nalika abad kaping 11 wonten ing kakawin Arjuna Wiwaha ing jaman Prabu Airlangga. Wayang ugi kasebat ing  Kitab Wreta Sancaya abad kaping 12, wayang ugi kasebat ing Kitab Baratayudha karangan Empu Sedah taun 1157.  Dados ngantos samenika wayang sampun 10 abad laminipun. Wayang minangka asil kabudayan ingkang saged lestantun ngantos 10 abad malah kepara langkung mesthi gadhah kalangkungan ingkang ngedap-edapi.

Dhiskusi kanthi pitaken: Menapa sebabipun wayang ( ringgit ) saged lestantun ngantos pinten-pinten abad?

(Kabesut  saking: Jatirahayu, ing Citra Basa 1. Kaca 28)

III. MAOS

A. Waosan

Kawaosa kanthi premati!

KUMBAKARNA

Kumbakarna iku putrane sing angka loro Resi Wisrawa karo Dewi Sukesi. Putra sing angka siji Dasamuka. Dadi Kumbakarna iku adhine Dasamuka. Nalika lair wujude nggegirisi, gedhe, dhuwure ora lumrah bayi, kupinge gedhe lan amba kaya kumba ( kwali), mula banjur dijenengi Kumbakarna ( kuping sing gedhe).

Kaya dene Dasamuka, Kumbakarna uga digulawentah dening eyange Begawan Sumali ing Gunung Gohkarya amarga ramane Resi Wisrawa lagi tapa. Kumbakarna kajaba gelem mangan manungsa uga gelem mangan pandhita lan resi. Supaya bisa ngilangake pakulinan sing ala iku, dening eyange Begawan Sumali, Kumbakarna kadhawuhan tapa lawase 50 taun. Sing kena dipangan mung banyu lan necep  sarining embun.

Sawise 50 taun anggone mertapa, Bathara Guru tumurun lan paring kanugrahan bakal minangkani panyuwune. Sanajan satemene akeh Dewa sing owel ( ora  sarujuk karo panemune Bathara Guru), ngelingi Kumbakarna iku nate mangsa manungsa lan para pandhita. Bathara Guru banjur dhawuh garwane yaiku Dewi Uma supaya manjing ing ilate Kumbakarna satemah panyuwune mung sing becik-becik utawa sing ora nyilakakake titah liyane.

Nalika didangu dening Bathara Guru, Kumbakarna duwe panyuwun bisa nyuwara banter kaya gludhug lan netrane bisa sumorot kaya cahyaning surya (srengenge).

Panyuwune dikabulake dening Bathara Guru. Malah Kumbakarna diparingi bebungah werna telu, yaiku Aji Petak gelap Sakethi. Dayane yen diwateg bisa gawe miris lan kekes atine mungsuh. Aji Gedhong Menga njalari kuwat mangan lan ngombe sing akeh, satemah badane santosa. Aji Cirakalasupta. Dayane, bisa turu nganti 1000 taun, paribasane tanpa nglilir.

Nalika dumadi perang antarane Dasamuka lan Rama, Kumbakarna tansah ngelingake ingkang Raka supaya Dewi Shinta dibalekake marang Prabu Rama sebab ngrebut bojoning liyan iku ora becik. Nanging Dasamuka malah duka-duka lan ngala-ala Kumbakarna. Amarga ora bisa dielingake, Kumbakarna trima bali menyang patapane ing Pangleburgangsa lan mateg Aji Cirakalasupta satemah turu kepati.

Peperangan wis lumaku sawetara, akeh senapati Ngalengka sing gugur. Ngalengka kekurangan senapati perang. Prabu Dasamuka banjur eling marang rayine ya Kumbakarna sing sekti mahambara. Dasamuka dhawuh marang Indrajid supaya nggugah sarene Kumbakarna. Digugah nganggo swara ora bisa, ditamani senjata ora tumama lan ora tangi. Tangine disedhiyakake panganan sing ambune enak-enak lan dijabut wulu cumbune ( wulu sing ana jempol sikil ), Bareng wis mangan, Kumbakarna tetep ora gelem madeg senapati amarga tindake kang raka Dasamuka. Nanging nalika dicritani menawa negarane diosak-asik mungsuh, bala wanara, Kumbakarna muntap. Kumbakarna maju perang nganggo busana sarwa seta, niyate ora pisan –pisan bela marang kadang tuwa sing angkara, nanging bela Negara, kaya sesanti right or wrong is my country nuhoni watak satriyatama. Watak satriyatama iki malah bisa digawe buku aran tripama (telu patuladhan), salah sawijine ya Kumbakarna.

Wonten malih tuladhan prayogi,

satriya gung nagari Ngalengka,

sang Kumbakarna namane,

tur iku warna diyu,

suprandene nggayuh utami,

duk awit prang Ngalengka,

dennya darbe atur,

mring raka amrih raharja,

dasamuka tan keguh ing atur yekti,

de mung mungsuh wanara.

Kumbakarna kinen mangsa jurit,

mring kang raka sira tan nglenggana,

nglungguhi kasatriyane,

ng tekad datan purun,

among cipta labuh nagari,

lan nolih yayah rena,

myang leluhuripun,

wus mukti aneng Ngalengka,

mangke arsa rinusak ing bala kapi,

punagi mati ngrana.

Dene patuladhan liyane yaiku Basukarna lan patih Suwanda. Katrajang Kumbakarna wadyabala wanara kocar-kacir. Mung Prabu Rama sing bisa nandhingi. Sanajan wis katrajang panah, wis pothole bahu kiwa tengene, wis putung sikile, Kumbakarna isih bisa ngamuk punggung kanthi ngglundhung-ngglundhungake awake kanggo nggiles bala  kethek. Kumbakarna lagi mati nalika katrajang panah Gunawijaya ing gulune, gugur ing rananggana nglungguhi kasatriyane.

( Kabesut saking: Jatirahayu, Mutyara Rinonce, kaca:129 – 131)

B. Negesi Tembung

Menapa tegesipun tembung-tembung ing ngandhap menika !

1. titah                    :

2. bebungah            :

3. diwateg               :

4. miris                   :

5. kekes                  :

6. muntap                :

7. diyu                    :

8. yayah rena          :

9. darbe                  :

10. punagi               :

C. Ringkesan Cariyos Ringgit

Cariyos ringgit kanthi irah-irahan “ Kumbakarna” ing nginggil kadamela ringkesanipun mawi basa

krama lajeng kawaosa ing ngajeng kelas!

D. Budi Pekerti

Budi pekerti menapa kemawon ingkang wonten ing waosan “ Kumbakarna”? ( 5 kemawon)

IV. NYERAT

Gladhen

Kapadosna cariyos ringgit ing kalawarti basa jawi, salajengipun dipun-damel ringkesanipun ngginakaken basa Jawi Krama tuwin kaserata isi budi pekerti menapa kemawon ingkang dumunung wonten ing cariyos ringgit menika!

%d bloggers like this: