D. WULANGAN 4

WULANGAN 4

Mata Pelajaran         : Bahasa Jawa

Kelas/ Semester  : X/ Ganjil

I. NYEMAK

A. Kawaosa kanthi premati

I. NYEMAK

A. Waosan

Kawaosa  waosan ing ngandhap menika kanthi premati!

AKSARA JAWA LAN PERANG DUNIA

Gb. 3 Saka, crit: Perang dunia nuwuhake bebanten kang akeh

Ing buku HA NA CA RA KA (Slamet Riyadi) babarane Yayasan Pustaka Nusantara Yogyakarta diandharake manawa ngrembug sejarahe aksara Jawa anyar kang uga diarani sastra sarimbagan utawa carakan iku ora bisa dipisahake karo rembug bab kelairan lan pandhapuke aksara kasebut. Miturut Slamet Riyadi, ing bukune kang isi kelairan, penyusunan, fungsi, lan maknane Ha-Na-Ca-Ra-Ka kasebut ana konsepsi cacah loro kanggo nlusur kelairane  aksara Jawa lan penyusunan abjad ha-na-ca-ra-ka, yaiku konsepsi secara tradisional lan konsepsi secara ilmiah. Adhedhasar konsepsi secara tradisional laire aksara Jawa digathukake karo Legenda Aji a turun-temurun awujud tutur tinular (dari mulut ke mulut) bab padudon lan perang tandhinge Dora lan Sembada jalaran rebutan keris pusakane Aji Saka sing kudune tansah padha direksa bebarengan ing pulo Majeti. Wusana Dora lan Sembada mati sampyuh ngeres-eresi. Nalika arep angejawa, Aji Saka kang didherekake para abdine sing jenenge Dora, Sembada, Duga, lan Prayoga lerem ing pulo Majeti sawatara suwene.

Sadurunge nerusake laku angejawa, Aji Saka ninggal pusaka awujud keris. Dora lan Sembada kapatah ngreksa kanthi piweling wanti-wanti, aja pisan-pisan diwenehake wong saliyane Aji Saka dhewe sing teka ing pulo Majeti njupuk pusaka kasebut. Aji Saka banjur nerusake laku dikanthi Duga lan Prayoga. Dene Dora lan Sembada tetep ana pulo Majeti ngreksa pusaka. Sawise sawatara lawase, Dora lan Sembada krungu kabar manawa Aji Saka wis dadi ratu ing Medhangkamulan. Dora ngajak Sembada ninggalake pulo Majeti ngaturake pusaka marang Aji Saka. Sarehne Sembada puguh ora gelem diajak awit nuhoni dhawuhe Aji Saka, kanthi sesidheman si Dora banjur menyang Medhangkamulan tanpa nggawa keris. Marang Aji Saka si Dora kanthi atur dora wadul warna-warna. Dora kadhawuhan bali maneh menyang pulo Majeti. Gelem ora gelem Sembada kudu diajak menyang Medhangkamulan kanthi nggawa keris pusaka. Dora banjur budhal. Jalaran panggah ora percaya marang kandhane si Dora, Sembada puguh ora gelem diajak jalaran nuhoni dhawuhe bendarane, lan precaya manawa Aji Saka bakal netepi janjine mundhut pusakane tanpa utusan. Lelorone padha padudon rebut bener, banjur pancakara perang tandhing rebutan keris. Wasana Dora lan Sembada padha mati sampyuh ketaman keris sing dienggo rebutan.

Sawise sawatara suwe Dora ora sowan maneh ngajak Sembada ngaturake keris pusaka, Aji Saka banjur utusan Duga lan Prayoga nusul menyang pulo Majeti. Bareng tekan pulo Majeti saiba kagete Duga lan Prayoga meruhi Dora lan Sembada padha mati ketaman pusaka sing isih tumancep ing dhadhane. Sawise ngupakara layone Dora lan Sembada kanthi samesthine, Duga lan Prayoga banjur gegancangan marak ratu gustine ngaturake pusaka lan pawarta bab patine Dora lan Sembada. Midhanget ature Duga lan Prayoga, Aji Saka sakala ngrumangsani kalepyane dene ora netepi janji mundhut pribadi pusaka sing direksa Dora lan Sembada. Minangka pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legena cacah rong puluh wiwit saka HA nganti NGA. HA NA CA RA KA tegese ana caraka (utusan), DA TA SA WA LA tegese padha suwala (padudon, pancakara), PA DHA JA YA NYA tegese padha dene digdayane, lan MA GA BA THA NGA tegese wasana padha dadi bathang.

Manut dongenge, aksara Jawa iku mula bukane saka paraga kang asma Aji Saka, asale saka tanah Hindustan. Ewa samono ing buku Asal Mula Tanah Jawa (Dr. Purwadi, M.Hum), ngandharake yen ana dedongengan liya ngenani aksara Jawa iki, yaiku asale saka Dewa Panyarikan kang memba sawijining brahmana, aran Brahmana Srita. Tumurun saka kahyangan menyang tanah Hindustan kang sabanjure tumuju Tanah Jawa. Tindake menyang Tanah Jawa kakanthen dening brahmana cacah wolu. Ing Jawa para brahmana mau mulangake tulisan Jawa. Embuh endi ing antarane dongeng ing dhuwur iku sing bener. Sing genah, aksara cacah 20 kang kapantha lima-lima iku duwe kandhutan sawijining crita: Hanacaraka (ana utusan), Datasawala (padha padudon), Padhajayanya (padha digdayane), lan Magabathanga (padha dadi bathang/sampyuh).

Ing Primbon Bektijammal Adammakna, katlesih kandhutan werdining aksara Jawa mau mangkene: Hanacaraka (ana utusan, yaiku utusane Gusti Allah, wong lanang lan wong wadon), Datasawala (utusan mau padha padu, yaiku padha campuh saresmi), Padhajayanya (padha digdayane), lan Magabathanga (lanang wadon padha sampyuh). Lire, donya iki dumadi saka wong lanang wadon kang mujudake utusane Gusti Allah. Lanang wadon mau padha padu tegese campuh saresmi netepi wajib anggone padha jejodhowan. Padha digdayane, ateges tandhing karosane. Sabubare saresmi biasane kaya wong kang sampyuh ing paprangan, ngglethak angler.

Othak-athik mathuk pancen gaweyane wong Jawa. Klebu werdine aksara Jawa kang rinonce kaya iki: Ha (H)urip, Na (nur), C (cahya), Ra (roh/rasa), Ka (kumpul), Da (dadi), Ta (tetes), Sa (sawiji), Wa (wadon), La (lanang), Pa (pati), Dha (dhadhal), Ja jiwa (raga), Ya (ya Allah), Nya (nyata), Ma (manungsa), Ga (gilir gumanti), Ba (bakal), Tha (thukul), Nga (ngalam donya). Yen tembung-tembung ing dhuwur iku dironce, aksara Jawa cacah 20 iku nduweni teges: Urip (asal saka) nur cahya (lan) roh (kang) kumpul dadi tetes sawiji (nuwuhi) wadon (lan) lanang, (samangsa tumekeng) pati, (bakal) dhadhal jiwa ragane, ya Allah, nyata manungsa gilir gumanti bakal thukul (ing) ngalam donya.

Ing jagad kejawen ana sawijining jangka utawa ramalan kang unine mangkene: Benjing menawi sampun wonten Pandhita utawi Wiku Angesthi Sawiji, ing ngriku awit saking karsaning Sang Hyang Widhi kendeling dahuru. Tanah Jawi wiwit tata tentrem. Jangka arupa candrasengkala iki tlesihane mangkene: Pandhita (7), Wiku (7), Mangesthi (8), Sawiji (1). Tibane taun Jawa 1877 utawa taun 1945 M. Jangka kasebut duwe karep, kahanan bakal tata tentrem sawise kita merdeka, yaiku taun 1945. Sawise merdeka, pranyata perang isih makantar-kantar. Ing jaman sawise merdeka iku mula ana maneh tetembungan kang werdine sinengker. Mangkene: Galibedan tudang-tuding kados tiyang edan, metangi sakathahing tiyang. Lan uga tetembungan: Diwolak-walik gosong. Ukara sinengker iki candhakane taun 1881 Jawa (1949 M) yaiku taun penyerahan kedaulatan saka Belanda menyang RI.

Angka taun 1881 iku nuduhake tembung tudang-tuding (angka 1 cacah loro) lan tembung diwolak-walik gosong (angkane 1881 diwolak-walik sami mawon). Saliyane iku, angka 1881 yen ditulis nganggo aksara Jawa mangkene: 1 (ga), 8 (pa/aksara gedhe). Banjur dadi tulisan ga-pa-pa-ga (gak, pa-pa, gak). Karepe, ing penyerahan kedaulatan taun 1949 iku Belanda wis gak, pa-pa, gak (ora ana apa-apane), pancene kudu ngono manut jangka. Nalika jamane R Ng. Ranggawarsita, tau panjenengane ditakoni dening CF. Winter, sawijining bangsa Landa kang kasengsem marang sastra Jawa. Pitakone mangkene, “Kyai Pujangga, manut wawasan Kyai kang waskitha, kapan kira-kira surute panguwasane Belanda ing Tanah Jawa iki?” R. Ng. Ranggawarsita kanthi aris mangsuli, yen mengko wis ana “Ori awoh gaga lan Gusti Patih wuda”, iku titi mangsane Walanda oncat saka bumi Jawa. Mesthi wae CF. Winter ora ngerti apa sing dikarepake. Apa ana pring ori kok awoh pari gaga lan Gusti Patih kok ora duwe isin. Sing dikarepake unen-unen mau, Ori dudu pring nanging jenenge Gubernur Jendral Belanda. Gaga dudu pari nanging aksara Jawa “ga” jejer loro, kang tegese angka 11 (sewelas), yaiku samangsa rajane Paku Buwana XI (1939-1945). Ya ing wanci kuwi Landa bakal oncat saka Jawa. Dene sing dikarepake Gusti Patih wuda, yaiku patihe PB XI ingkang asma Jayanagara. Sing dikarepake wuda yaiku jenenge kang nglegena (Jayanagara), aksara Jawa yen ora disandhangi disebut nglegena (wuda).

Kang pungkasan, yaiku sesambungane aksara Jawa klawan Perang Dunia I lan II. Perang Dunia I suwene limang taun, yaiku 1914-1918. Angka taun 1914 yen digunggung ketemu angka 15 (1+9+1+4). Angka 15 kagunggung maneh candhakane angka 6. Sabanjure angka taun 1915, 1916, 1917, lan 1918, yen digunggung kaya cara ing dhuwur iku bakal ketemu candhakan angka, 7, 8, 9, lan 10. Angka-angka candhakan 6, 7, 8, 9, 10, yen dilebokake ing wilangan aksara Jawa ketemu aksara Da, Ta, Sa, Wa, La (padha padu utawa perang). Pancen bener, taun 1914-1918 ana perang. Semono uga tumrap mbledhose perang Dunia II kang uga 5 taun suwene, yaiku 1941-1945. Yen angka-angka taun 1941-1945 kita gunggung nganggo cara ing ndhuwur, uga bakal ketemu angka 6, 7, 8, 9, 10. Persis uga kepethuk maneh aksara Datasawala kang ateges ing taun-taun iku dumadi perang. Apa besuk yen bledhos Perang Dunia III taune uga cocog maneh kaya ing dhuwur iku? Mung Gusti Allah sing pirsa.                       (Ature: Poerwanto Rs. JB 42/LX, 18-24 Juni 2006, http://www.ki-demang.com)

B. Garapan

Kawangsulana kanthi pratitis!

1. Kadospundi dongeng wontenipun aksara Jawa miturut versi crita Aji Saka?

2. Kadospundi dongeng wontenipun aksara Jawa miturut versi crita Dewa Panyarikan

punika?

3. Kadospundi othak-athiking makna carakan Jawa miturut Primbon Betaljemur?

4. Kadospundi othak-athiking carakan Jawa miturut huruf-huruf-ipun?

5. Kaandharna ramalan Ranggawarsita kang unine yen mengko wis ana “Ori awoh gaga lan Gusti Patih wuda”, iku titi mangsane Walanda oncat saka bumi Jawa!

II. MICARA

A. Damel Pacelathon

Adhedahasar waosan ‘ Dongeng dumadosipun Aksara Jawi’ ing nginggil siswa kapantha-pantha dados klompok alit, saben klompok saged 2 dumugi 3 siswa. Salajengipun  kadamela naskah dialog (pacelathon). Wondene basanipun ngginakaken basa krama.

B. Nindakaken Pacelathon

Sasampunipun damel pacelathon, cobi katindakna kaliyan kanca sanesipun, kanthi irama lan tata krama ingkang sae!

  1. III. MAOS

A. Waosan

Kawaosa seratan Jawi ing ngandhap punika salajengipun kawangsulana pitakenan ing ngandhapipun!

?dnD=gul.

¦luwihlrlr[nati,[norky[w=oa/t,k=wusHil=piynFe[lL,lipu/[rmu=[ynÒ|ru,lmunTzisu=kwmlihyaikuaukumMir,[w=ozLi/wkKenÒ|fuhazil=kenB|fify,temhppa[s/o[fnNirfumfi,tnH[m/olnSsm.

¦pupu[nTo[nN[fnNirfumfi,zugemMnNmºi=ctu/aupy,mºihtnBizu=p[zsQi[nN,k=dizinWeksSipun:aniruwmr=k=becik¿,kpi[nDoanurutT,mºi=k=bene/aiku,pi=tºiguguwk=vt,kpi=p[tTmilihaai=k=p[kolihffiknQini=ges=.

B. Gladhen

1. Kaserata latinipun seratan jawi punika trep kaliyan metrum tembangipun!

2. Kaandharna metrum (guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu) tembang kasebat!

3.Kaandharna wosing sekar punika kanthi basa krama, salajengipun kawaosna asilipun ing sangajengipun kelas!

IV. NYERAT

A. Nyerat ngginakaken Aksara Jawi.

*  Aksara Murda

Ginanipun aksara murda:

1. Kangge nyerat nama dhiri

2. Kangge nyerat nama panggenan

3. Kangge nyerat nama gelar

4. Ing saben peranganing tembung (nama) prayoginipun ngginakaken setunggal aksara murda menawi wonten.

5. Aksara murda boten dipunginakaken minangka panutuping wanda (suku kata).

6. Aksara murda gunggungipun namung pitung warni inggih menika:

Na (! ); Ka (@ ) ;Ta (# ); Sa ($ ); Pa (% ); Ga (& ) ;Ba (*).

Nama Aksara murda

Aksara murda

Pasangan aksara Murda

Pemakaian dalam kata

Na

!

………

!

Gusti Natanagara :

Ka

@

……….

@

Kraton Ngayogyakarta:

Ta

#

……….

#

Tawangmangu:

Sa

$

………

$

Sinuhun Sultan Agung:

Pa

%

……..

%

Panembahan Senapati:

Ga

&

………

&

Gunung Merbabu:

Ba

*

……..

*

Bale Pustaka:

  • Aksara Swara

Ginanipun aksara murda:

1. Kangge nyerat aksara vocal ingkang dados wanda ( suku kata) saking basa manca supados cetha lafalipun.

2. Aksara swara boten saged dados pasangan.

3. Aksara swara saged dipunsukani sandhangan wigyan ( .. h  ),, layar (…/ …) lan cecak (…=….).

4. Aksara swara gungungipun wonten gangsal warni, inggih menika:

Nama Aksara swara

Aksara swara

Pemakaian dalam kata

A

A

Kitab Alquran :

E

E

Emanuel:

I

I

Ibnu Umar:

O

O

Organisasi:

U

U

Urbanisasi:

  • Aksara Rekan.

Ginanipun Aksara Rekan:

1. Kangge nyerat aksara konsonan saking basa manca ingkang taksih kaginakaken kados aslinipun.

2. Aksara rekan saged dados pasangan lan saged dipunsukasi pasangan, aksara rekan ugi saged dados sandhangan.

3. Aksara rekan gunggungipun naming gangsal warni, inggih menika:

Nama Aksara rekan

Aksara rekan

Pasangan aksara rekan

Pemakaian dalam kata

kha

K

K

Khatib arep khutbah :

Dza

F

F

Wong dzalim kesed dzikir:

fa / va

P

P

Fungsine Beteng Vredhebreg:

Za

J

J

Zakat iku wajib lan ziarah iku sunat:

Gha

G

G

Ghazali lan Ghulam Ahmad:

* Angka Jawi

1. Angka dipunginakaken kangge nerangaken lambing mawi nomor. Wujudipun angka mawi aksara Jawi kadosta:

1 = 1

2 = 2

3 = 3

4 = 4

5 = 5

6 = 6

7 = 7

8 = 8

9 = 9

0 = 0

2. Angka mawi aksara Jawi anggenipun nyerat: angka kaapit mawi pada pangkat (    ;  …  ;  )

Tuladha: dawane kertas 36 sentimeter.

?fw[nke/ts¿;36;senTi[mte/.

* Sandhangan saha tandha ing aksara Jawi

1. Sandhangan swara

u    : u (suku)                          [       : e (taling)                               i : i (wulu)

e :e (pepet)                           [….o: o (taling tarung)

x  :  pa cerek/ re                 X       : nga lelet/ le

Tuladha:           bu[k=B[k=o : buk bengkong                             xg: rega

pite=spi   : piteng sapi       Xg: lega

2. Sandhangan Tandha Konsonan Mati

h     : wignyan (h)                       /   : layar  (r)

=      : cecak (ng)              \   : pangkon (nyigeg aksara)

Tuladha:    ly/  : layar           aurip\ : urip

lyh : layah          wete=   : weteng

3. Tandhaning Gugus Konsonan

]  : cakra (..ra)                                  W  : panjing wa (..wa)

}  : cakra keret (..re)                        L : panjing la (..la)

– : pengkal (..ya)

Tuladha :    ck]  : cakra                      k}teg\   : kreteg                                                         kLp : klapa

k-ai     : kyai                         kWci        : kwaci

* Tandha Maos

?  : adeg-adeg (kanggo miwiti nulis ukara, alinea)

,   : pada lingsa (koma)

.  : pada lungsi (titik)

;  : pada pangkat (kanggo pemerian   ;  … 😉

¦¡¦: purwapada/kanggo miwiti pada,  pupuh tembang

(mangajapa becik)

¦¢¦ : madyapada/katulis ing sangarepe gantining

pupuh-pupuh pertengahan   (mandrawa)

¦£¦  : wasanapada/katulis minangka panutup ing

pungkasaning tulisan tembang (iti/purna)

B. Gladhen:

a) Kaserata Aksara Jawi:

1. Bobotku 62 kilogram.

2. Kebone jembare 250 meter pesagi.

3. Jalan Pangeran Diponegara II, No. 37. Jakarta.

4. UUD 1945, Bab VII, Pasal 21.

5. Senen, 9 Nopember 1992, pukul 8.45.

6. Aja ndakwa wong sing ora ana.

7. Nepsu iku abdi kang setya, bendara kang jail.

8. Carane sinau iya kudu disinau.

9. Rame ing gawe, sepi ing pamrih.

10. Yen kepeksa nacad, nggunakna tembung manis.

11. Nyabarake atine dhewe wae ora bisa, mendah nyabarake atine wong liya.

12. Nistha, madya, utama. Sira kudu bisa mbedakake.

13. Nyampurnakake urip klawan sucining ati.

14. Pinuju bungah elinga susah, pinuju susah elinga bungah.

15. Begja-begjane kang lali, maksih begja kang eling lawan waspada.

b) Waosan ing ngandhap menika kaserata ngginakaken aksara Jawi!

Abu Bakar Ali ketemu Kanjeng Pangeran Buwana Nagara ing Kraton Bagdad. Kekarone banjur padha dzikir lan padha rerembugan prekara zakat. Ratu loro mau pancen takwa marang Gusti Allah, yaiku dzat ghaib kang mahakuwasa.

c) Waosan aksara Jawi ing ngandhap menika kaserata aksara latinipun salajengipun  kacariyosna waosan menika mawi basa jawi krama!

pºtlautw X mh

ÄXmhaikutnShfefnlnG[wbuzhai=mnu=s.snjnFiaifkHifkS[w[nhai=tithfipculLimlhkd=klfirusk¿Xmh[aortauseri[kHorsmBtNzi=mlhffisumBe/ri=pzuripPnNi=tithai=al[mFovaiki.tege[sSpemimPinHiku[aorgmP=nesu,menwfi[w[nhaipvru[wlnPmº[yog,nzi=pemimPinÑ|fusb/ky[f[nzmh,pemimPinÑ|fusen_[w[whmr=[sokSpaw[a,mr=[w=osi=fia[yomi,[aorceqi[lHor[aowelLnÑ|fuaikLsLai/lnBti[nN.s[a=g[w=osi=anai=skiwteze[nNrum=sanÒ|kPzuripPnS[a=gffitenT~mHuri[pP.auri[pPbismigunnitumº[pW=oliy.sbecikBeci[kK[w=oauri[pynBismigunnik=[go[w=oliy.

%d bloggers like this: