M. WULANGAN 12

WULANGAN 12

Mata Pelajaran  : Bahasa Jawa

Kelas/ Semester     : X/ Genap

I. NYEMAK

  1. A. Waosan

Andharan ing ngandhap menika, kawaosa kanthi premati!

Mekarake Apresiasi Sastra Jawa

Dening: Sunaryo

Apresiasi sastra mono mujudake sawijining upaya lan kupiya mungguh kupiya carane supaya para maos, para “penikmat” luwih nduweni “kepekaan” marang karya sastra. Upaya lan kupiya  kasebut arupa ‘pengenalan’ lan ‘penghayatan ‘ marang sadhengah karya sastra. Dene tujuwan akhire, ora liya supaya para maos lan para ‘penikmat’ luwih ngregani lan luwih nresnani karya sastra. Menawa wis darbe sikep ngregani lan nresnani karya sastra, dak kira bakal gampang anggon kita ngembangake karya sastra, mligine sastra Jawa.

Senadyan kepriye-kepriyea wae, sastra Jawa kang kita tresnani, kudu diuri-uri lan kudu dingrembakakake. Tujuwane ora liya, supaya budaya lan sastra Jawa sangsaya kuncara lan moncer. Bisa minangka sarana kadang Jawa anggone luwih ngugemi kagunan lan adiluhung.

Mesthine gerba lan tebane apresiasi sastra Jawa pancen asoh lan omber, nglimputi mawarna-warna genre sastra. Mulane cak-cakane apresiasi sastra jawa kudu dijumbuhake karo kahanan utawa kahanane sastra Jawa ing wektu iki.

Kanggo ing pawiyatan utawa ing sekolahan, guru basa lan sastra Jawa mujudake “ujung tombak” lan” ujung tombok” tumrap lumaksana lan pangleksanane apresiasi sastra Jawa. Tegese, ya ing astane para guru lan sastrawan Jawa iki, apresiasi sastra Jawa gumantung; bakal urip mukti  utawa mati. Guru basa lan sastra Jawa kang amumpuni, ora bakal kekurangan akal supaya para siswa dhemen lan gandrung marang sastra Jawa. Mbuh merga anggone pinter nembang utawa macapatan, mbuh merga pinter ndongeng, gamben nenulis geguritan, utawa cerkak, gandhes luwes  dadi panata adicara, pinter crita lan njlentrehake sawernaning karya sastra, lan sapanunggalane.

Guru basa lan sastra Jawa kang kreatif, uga ora bakal kekurangan lakon. Ora kekurangan metode utawa cara anggone mulang. Kanthi mengkono diajab para siswa luwih tekun anggone lan nintingi sastra Jawa. Apresiasi sasra Jawa bakal ana asile, yen para siswa gelem sregep macani  dhewe roman, novel, crita cerkak, crita sambung-sinambung, geguritan, lan sapanunggalane.

Kanggo mekarake apresiasi sastra Jawa, para penggurit uga kudu luwih sregep lan gamben, sengkud, gumregut ngripta lan terus ngripta. Kepriye carane supaya geguritan-geguritan terus siremeni lan digandrungi  dening para pemaos. Para novelis lan pangripta cerkak uga kudu luwih ubed lan sregep anggone ningkatake bobot utawa kualitase karya-karyane. Aja mung mikirake pira honore nulis, nanging uga katresnan kita marang sastra Jawa. Kanthi cara-cara kasebut, karya-karya sastra Jawa pranyata bisa mumpangati tumrap bebrayan agung. Bisa mujudake santapan rohani, kang ngajab marang para maos supaya  luwih ngregani lan nresnani panguripan, saya njejegake bebener lan keadilan, anggrengsengake lumaksanane reformasi, nyurung masyarakat supaya luwih adreng anggone makarya lan sapanunggalane. Karya-karya sastra Jawa diajab supaya bener-bener bisa dadi tuntunan lan panutan, aja mung mburu marang panglipur wuyung. Sing dibutuhake ya mung sawiji: pambudi daya kang tulus lan eklas, amrih sastra Jawa saya reja lan ngrebda. Mung kuwi.

( Kapethik saking: Panjebar semangat, No: 04, tanggal 25 januari 2003, kaca: 25-26)

B. Negesi  tembung

Kapadosana menapa tegesipun tembung-tembung menika lajeng kadamela ukara ngginakaken basa ingkang prasaja?

  1. kupiya:
  2. sadhengah:
  3. kuncara:
  4. moncer:
  5. gerba:.
  6. tebane:
  7. gamben:
  8. nintingi
  9. adreng:
  10. ngrebda:

C. Gladhen

Kawangsulana pitaken-pitaken ing ngandhap menika mawi basa Jawi krama!

1. Kadospundi  miturut pamanggihipun para siswa ngengingi apresiasi sastra Jawa?

2. Kadospundi menggah ing pawiyatan utawi sekolahipun para siswa, menapa inggih nindakaken piwulangan ngengingi apresiasi satra ing saben piwulangan basa Jawi?

3. Guru basa lan sasta jawi mujudaken “ ujung tombak lan ujung tombok” tumrap lumaksana lan pangleksanane apresiasi sastra Jawa. Menapa tegesipun?

4. Sinten kemawon ingkang kajibah nglestantunaken kabudayan Jawi, kalebet apresiasi sastra Jawa? Kenging menapa mekaten?

5. Miturut para siswa, kadospundi caranipun ngrembakakaken apresiasi sastra jawi supados boten kawon saha ical kageser pakembanganipun jaman?

II. MICARA

A. Waosan

Kawaosa waosan ing ngandhap menika kanthi lafal  ingkang leres ing sangajengipun kelas!

UPACARA TINGKEBAN

Upacara tingkeban ana ing masyarakat Jawa Tengah lan Ngayogyakarta nganti tumeka saiki isih kereb ditindakake. Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung sasi kanggo calon ibu kang mbobot kaping pisanan. Upacara tingkeban dianakake mesthi wae nduweni ancas kang kepengin digayuh dening kulawarga, mligine ancas supaya bayi lair kanthi gampang, slamet lan ora ana alangan apa-apa. Kajaba iku muga-muga besuke bisa dadi anak kang bekti marang wong tuwane. Ing kene uga arep diandharake tata cara upacara tingkeban kalebu nyamping kang dienggo calon ibu.

Upacara tingkeban kawiwitan mawa sungkeman. Ing acara sungkeman, calon ibu lan calon bapak luwih dhisik sumungkem ing ngarsane Rama lan ibune. Sungkeman iki nduweni teges muga –muga ing tembe jabang bayi kang dilairake bisa dadi bocah kang bekti marang wong tuwane. Sabanjure upacara siraman, Ana ing upacara siraman, calon ibu disiram dening wong pitu, kayata: bapak saha ibu saka calon ibu; bapak saha ibu saka calon bapak; simbah; sedulur utawa tangga teparo kang bisa dadi tuladha becik. Sawise siraman banjur sesuci (wudhu ), banyu kang diwadhahi ing kendhi kanggo sesuci mau banjur dipecah dening ibu saka calon ibu kanthi ngendika: “ ora mecah kendhi, nanging mecah pamore jabang bayi.”

Ing upacara tingkeban, calon ibu ganti nyamping kaping pitu, kang urut-urutane: nyamping sidaluhur, sidamukti, truntum, wahyu tumurun, udan riris, parang kusuma lan nyamping semen romo. Sabanjure ganti nyamping ana adicara nigas janur kuning.  Calon bapak nigas janur kuning kang diubetake ing bangkekane calon ibu. Sawise nigas janur kuning, calon bapak banjur mlayu banter, iki nduweni ancas muga-muga jabang bayi bisa lair kanthi lancar lan cepet. Banjur acara brojolan. Brojolan ing kene ana werna loro yaiku brojola tigan ( kanthi pangajab muga-muga bayi bisa kalairake kanthi gampang ora ana sukerta kang ngalang-alangi. Brojolan kaping pindho yaiku brojolan cengkir kang digambari Kamajaya lan kamaratih utawa Arjuna lan subadra kang minangka pralambang laire jabang bayi. Mangkono mau urut-urutan ing upacara tingkeban. Ananging, amarga desa mawa cara negara mawa tata, mula ora mokal Manawa saben dhaerah beda tata carane nindakake. Kabeh mau minangka simbol kanggo nggayuh kabecikan.

( Kabesut saking: Sempulur No. 07/ 11/ 2003/ Heni TH)

B. Tuladha Nyamping ing Upacara Tingkeban.

1.Nyamping Sidaluhur ancas mugi ing tembe putranipun saged dados tiyang luhur lan saged maringi pangayoman dhumateng tiyang kathah.

2.  Nyamping sidamukti ancas mugi putranipun saged dados tiyang ingkang mukti wibawa, wantun ing kaleresan.

3. Nyamping  truntum ancas mugi putranipun saged nurun bebuden saenipun tiyang sepuh, wantun ing kaleresan, ajrih ing kanisthan lan njagi sucining jiwa lan raga.

4. Nyamping Wahyu tumurun ancas mugi putranipun tansah pinaringan wahyu kamulyan lan ngelmu.

5. Nyamping Udan riris ancas mugi putranipun saged gesang ayem, tentrem, damel remen sapolahtingkahipun lan gadhah tekad ingkang mantep ing samubarang pedamelan.

6. Nyamping Parang Kusuma ancas mugi putranipun nggadhahi kapinteran kadosta landheping parang, tangkas, cukat, trengginas lan sageda mikul dhuwur mendhem jero tiyang sepuhipun.

7. Nyamping  Semen Romo ancas mugi putranipun  nggadhahi raos tresna asih dhateng sesami kados ta Rama- shinta dhateng kawulanipun.

( Kabesut saking: Hamzuri. Batik Klasik. 1985)

C. Gladhen

Adhedhasar waosan ing nginggil sumangga para siswa kapantha-pantha alit, saben kelompok anggotanipun tiga ngantos gangsal siswa, salajengipun damel teks pagineman utawi pacelathon kanthi unggah-ungguh basa ingkang trep. Salajengipun kelompok wau kadhawuhan  nindakaken teks pagineman kasebut ing sangajengipun kelas, wondene kelompok sanes suka panyaruwe.

III. MAOS

A. Waosan

Kawaosa batin artikel basa Jawi kanthi irah-irahan “Pralambang ing kabudayan Jawa” ing ngandhap menika. Sasampunipun dipunwaos batin, salah satunggal siswa maos kanthi lafal saha wirama ingkang leres wonten ing ngajeng kelas.

Pralambang ing kabudayan Jawa

Kabudayan warisan para leluhur kuna (Jawa) iku lamun ditampa nora nganggo wawasan kang jembar, lungid lan remit, adhakan sok dadi salah tampa lan salah panerka.Luwih-luwih yen mung tinampa kalayan walaka, wates wewujudan lan tetembungane wae, sok akeh sing padha kecelik, nora cocok karo apa kang dikersakake dening para leluhur duk semana. KP Sontodipuro, sentana dalem Karaton Surakarta Hadiningrat kang uga nimpuna alih basa lan alih aksara ing Reksapustaka Pura Mangkunagaran, nelakake, sing sapa wus nate tindak utawa nekani Candhi Sukuh lan Candhi Cetha, bakal nemoni reca-reca lan pepethan kang dianggep saru lan rusuh, kasarane lekoh. Sabanjure mratah panganggep yen kekarone iku candhi porno.”Kanyatan mangkene ini dumadi amarga wong-wong jaman saiki adhakan wus ora bisa nampa apa sejatine sing kasimpen ing sawijining wewujudan lan tetembungan. Nampane hamung asipat walaka, wantahan. Mangkono uga nalika negesi ritual kirab pusaka ing tanggal 1 Sura. Adhakan nuwuhake pambiji, iku laku ora trep, lire ana kebo wae kok diarak, disubya-subya,” piterange Wa Sonto kang uga dadi paraga presidium Pusat Lembaga Kabudayan Jawi (PLKJ) Surakarta.
Para leluhure wong Jawa wus nelakake yen wong Jawa iku nggone semu, sinamun ing samudana, sesadone ingadu manis. Tegese, wong Jawa iku papane samubarang pralambang utawa simbol. Ancase kanggo ngarahake samubarang iku supaya katon luwih apik lan sopan. Wong Jawa ora bisa ninggalake pralambang ing laku urip lan panguripane.Emane, ing wektu-wektu pungkasan iki generasi mudha Jawa akeh-akehe wus ora tumon marang pralambang-pralambang kang dadi kaskayane kabudayan Jawa. Temahan, tuwuh lan ngrembaka panganggep yen saperangan kabudayan Jawa iku wus ora nut jaman kelakone, wus ora jumbuh ombyaking jaman modhern, kaanggep kuna.”Kanyatan mangkene iki tuwuh lan ngrembaka, miturutku, ya amarga generasi mudha Jawa jaman saiki ora bisa nampa sejatining makna kang kakandhut ing sawijining wewujudan utawa tetembungan. Generasi mudha Jawa saiki adhakan wus ora mangerteni yen samubarang kang dianggep kuna, ora jumbuh ombyaking jaman modhern lan pambiji negatip liyane iku amarga isih sinamun ing pralambang, ing simbol,” pratelane Wa Sonto nalika wawan gunem kalawan Espos ing griyane

Ora-njamani
Dene para generasi tuwa sing isih ana, racake uga kangelan yen arep ndunungake para generasi mudha Jawa jaman saiki marang samubarang pralambang utawa simbol kasebut. Amarga cara mikire wus kawengku ing panganggep yen samubarang kang ngoyot marang kabudayan Jawa iku sarwa kuna, ora njamani lan panganggep negatip liyane, wusana yen dijak tetepungan maneh kalawan kabudayan Jawa, adhakan sok padha wegah. Tundhone, miturut Dr Oesman Arif, dhosen filsafat ilmu ing Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) Universitas Sebelas Maret (UNS), sansaya akeh kawicaksanan, piwulang luhur lan gegebengan urip lan panguripan warisan leluhur ing kabudayan Jawa kang sansaya dikiwakake. Wusana dadi cures. Amarga generasi mudha Jawa jaman saiki ora bisa nampa sejatining makna kang kakandhut ing sawijining pralambang, pasemon utawa simbol. Wewujudan lan tetembungan ing kabudayan Jawa mung tinampa kanthi walaka, wantahan. Temahan ora bisa mangerteni makna kang kakandhut.
Kayadene ritual kirab pusaka ing tanggal 1 Sura, adhakan mung wates tinampa minangka karamen kang tansah digelar kanggo mapag tekane taun Jawa anyar. Kirab pusaka, kalebu kirab kebo Kyai Slamet, mung wates ditegesi minangka atraksi wisata kang kasil narik kawigaten ewon wong. Dene werdine kirab pusaka sing yekti ngandhut pralambang lan piwulang tinamtu gegayutan urip lan panguripane manungsa sansaya suwe sansaya dilalekake. Lan adhakan nalika pasemon, pralambang utawa simbol mau didhumpyukake ka-lawan pangerten agama, dadi sansaya kedlarung-dlarung lan nuwuhake pradondi sing ora rampung-rampung. ”Kamangka yen didhudhah kanthi temen-temen, kirab pusaka, kalebu kirab kebo Kyai Slamet, iku ngemu piwulang bab sangkan paraning dumadi. Kewan kebo bule sing karan Kyai Slamet iku ngandhut pralambang donga panyuwun murih ing taun anyar, urip lan panguripan tansah kalinton kaslamaten, karahayon lan karaharjan. Kebo kuwi kewan pralambang karaharjan,” piterange Wa Sonto. Saliyane iku, kebo kang tembung liyane maesa, uga ngandhut tapsiran bab kuwajibane manungsa kanggo manembah marang Sing Maha Esa, yaiku Gusti Allah Kang Akarya lan Nguwasani Jagad. Ing laku kirab, kebo Kyai Slamet dadi cucuking arak-arakan, ngemu pralambang yen manungsa iku kudu tansah nut marang pituduhe Gusti Allah. Lamun wani nerak angger-angger kang diwulangake dening para rasul lan nabi, temahan uripe manungsa bakal kasangsaya, kaningaya lan adoh saka ka-slametan, karahayon lan karaharjan. Lan isih akeh tapsiran piwulang liyane ing maneka warna pralambang kang kakandhut ing maneka warna wewujudan lan tetembungan kang ngoyot mring kabudayan Jawa. Amarga ora ngerti, banjur tuwuh panganggep yen tlethonge kebo Kyai Slamet iku ngandhut berkah. Pancen mberkahi yen puluhan ton, amarga bisa kanggo rabuk.

Kabesut saking:IchwanPrasetyo::((http://www.solopos.co.id/soft/index_detail.asp?id=11251)

  1. A. Negesi Tembung

Menapa tegesipun tembung-tembung ing ngandhap punika?

1.lungid:

2.remit:

3.walaka:

4.lekoh:

5.sinamun:

6.wantahan:

7.kedlarung-dlarung :

8.pradondi:

9.kalinton:

10. angger-angger:

C. Gladhen

Kawangsulana pitakenan ing ngandhap menika kanthi jangkep!

  1. Kadospundi wusananipun menawi kabudayan warisanipun para leluhur jawi menika dipuntampi tanpa wawasan ingkang jembar, lungid saha remit?
  2. Menapa tegesipun “wong Jawa iku nggone semu, sinamun ing samudana, sesadone ingadu manis”?
  3. Kadospundi caranipun supados generasi mudha sami mangertosi lan saged nampi sejatining makna ingkang kakandhut ing pralambang-pralambang utawi simbol-simbol  ingkang wonten ing sawijining wewujudan lan tetembungan ing kabudayan Jawi?
  4. Menapa ingkang dados ayahan para tiyang sepuh supados generasi mudha tresna dhumateng kabudayan Jawi saha boten nganggep menawi kabudayan Jawi menika kuna, boten njamani ?
  5. Menapa ancasipun kirab pusaka, kalebet kirab kebo Kyai Slamet ing saben tanggal 1 Sura?

IV. NYERAT

  1. A. Jinising Karya Jurnalistik

Karya jurnalistik inggih menika satunggaling karya tulis ingkang isi, cara, saha medhia anggenipun mahyakaken wonten sesambetanipun kaliyan medhia massa, kados dene televisi, ariwarti ( Koran ), kalawarti ( majalah ), radhio, lan sapanunggalanipun. Pramila tiyang ingkang makarya utawi nggadhahi pakaryan  sambet kaliyan medhia massa, lajeng kawastanan jurnalis utawi wartawan. Dene karya jurnalistik menika wonten jinisipun, antawisipun: reportase, pawarta, artikel, opini, profil, lan sanes-sanesipun.

  1. B. Artikel

Artikel inggih menika satunggaling karya jurnalistik ingkang wosipun ngudhari satunggaling prekawis ing masyarakat. Karya menika kasarat dening para ahli, para freelance ( tiyang ingkang asring nyerat ing medhia, nanging boten kaiket dening medhianipun utawi penulis lepas), saged ugi para wartawan piyambak. Anggenipun mahyakaken gagasan, langkung kathah subjektivitasipun utawi seserepan saha pengalaman penyeratipun piyambak. Karya menika ing ariwarti mlebet ing kolom artikel utawi opini. Upaminipun, artikel bab: pralambang ing kabudayan Jawa, Upacara tingkeban, lan sapanunggalanipun.

  1. C. Caranipun nyerat artikel:
  1. Nemtokaken tema utawi topik ingkang badhe kaserat ( prayoginipun topikipun enggal utawi up to date)
  2. Nemtokaken medhia menapa lan pundi ingkang badhe mahyakaken karya menika ( awit saben medhia nggadhahi watak saha ancas piyambak-piyambak ).
  3. Basa ingkang dipunginakaken kedah ringkes lan mentes.
  4. Pados bahan-bahan ingkanng wonten gayutipun kaliyan tema. Artikel langkung sae menawi dipunkantheni gambar utawi foto.
  5. Damel cengkorongan artikel saha saben cengkorongan lajeng dipunracik wos utawi isinipun, kados tuladha ing ngandhap menika:

Cengkorongan Artikel

Wos utawi Isi

1. Pambuka *Menapa ingkang kasebat Upacara Tingkeban saha menapa ingkang njalari wontenipun Upacara Tingkeban.

*Upacara Tingkeban minangka paugeranipun tiyang gesang ing bebrayan.

2. Isi *Ngrembag bab Upacara Tingkeban mliginipun lampahipun upacara
3. Panutup *Dudutan / simpulan kanthi cara nandukaken raos ngengingi raos handarbeni tumrap lestantunipun kabudayan Jawi
  1. Ngracik karangan wetah.
  2. Boten ajrih, lingsem, saha mutung, menawi seratan karya ingkang kakintunaken ing medhia boten saged kapacak utawi kakintunaken wangsul. Kedah nyerat  malih, nyerat malih, dipuntiti, saha dipundandosi malih seratanipun, lajeng kakintunaken malih, mekaten salajengipun.

(Kabesut saking:  Yogya basa jilid III, kanthi ewah-ewahan sawetawis).

  1. D. Gladhen

1.  Cobi kapadosna satunggaling artikel ing kalawarti, lajeng karingkesa wosipun!

2.  Cobi kaseratna satunggaling artikel kanthi tema upacara tradhisi, lajeng sareng-sareng karembag menapa saenipun saha menapa kekiranganipun!

%d bloggers like this: