L. WULANGAN 11

WULANGAN 11

Mata Pelajaran  : Bahasa Jawa

Kelas/ Semester     : X/ Genap

I. NYEMAK

A. Waosan

Salah satunggal siswa maos, dene sanesipun nyemak!

TRADHISI SEKATEN

Racikanipun: Wa Sonto

Tembung tradhisi mekaten teges adat kupiya ( tuladha), utawi nindakaken salah satunggaling tata upacara ingkang sampun lumampah turun-maturun katindakaken, kados dene sampun hambalung sungsum. Wondene sekaten menika saged dipuntegesi SAHADATEIN utawi kalimah sahadat. Dumuginipun data puncak upacara, marengi ing tanggal 12 wulan Mulud ing saben taun-taun salajengipun. Ingkang saperlu mangayubagya, ngluhuraken saha amengeti Maulid Nabi Muhammad SAW. Tumrapipun Surakarta lan Ngayogyakarta, upacara sekaten tentu manggen wonten ing Mesjid Ageng celak kaliyan papan bawera inggih punika alun-alun. Kirang langkung setengah wulan saderengipun dumugi ing data, tiyang-tiyang sampun wiwit sami mbikak sesadeyan-sesadeyan, pameran-pameran, tetingalan-tetingalan tuwin sakpiturutipun kangge nambahi regengipun swasana adicara.

Tradhisi Sekatenan menika hambokbilih namung saged pinanggih ing tlatah tanah Jawi kemawon, ing sanes panggenan sanajan ta inggih wonten upacara mengeti Maulid Nabi, kawontenanipun boten kados ing Surakarta lan Ngayogyakarta. Wondene ingkanng kangge praboting tata cara upacara kathah ingkang sipat simbolik, sanepan, pralambang utawi pepethan-pepethan ingkang jumbuh kaliyan budaya Jawi saha ingkang sesambetan kaliyan wewarah Agami.

Upaminipun bab gangsa wiwit jaman “ja – mbejuja” (kina) kawula nuswa Jawi punika sami remen sanget dhateng kanikmatan nglaras suwantening gangsa, langkung-langkung gendhing-gendhing sekaten menika kapendhetaken gendhing-gendhing ingkang boten kangge padintenan, sadaya wirapradangga piniji para empu-empuning pangrawit saking Langen Budaya Keraton. Gangsanipun inggih gangsa eden-eden kyai Sekati dalah Nyai Sekati sampun tamtu kemawon hanggadhahi daya tarik ingkang ngedab-edabi, pramila inggih  boten mokal menawi sanajan ta tebih-tebih dunungipun, kapeksa sami karaya-raya kepingin ningali saha mirengaken.

Menawi dipun-onceki sarana raos, ingkang sesambetan kaliyan bab kawruh Agami, racikan gangsa mekaten maneka warni, suwantenipun ugi maneka warni, punika sampun saged hanggambaraken bebrayan agung ingkang beda-beda tingakat saha sap-sapanipun. Nanging menawi sedaya kalawau sami manut titi laras saha iramaning guru lagu, bebasan tiyang melek saged liyer-liyer salajengipun saged sare sekeca. Kosok wangsulipun menawi sami nilar guru lagu, guru wilangan, anggega karsa priyangga, satemah pating garombyang, tiyang tilem dados melek. Dados menawi sedaya umat menika sami nindakaken  dhawuhing Allah saha nebihi pepacuhing Allah, gesangipun inggih badhe laras boten sami waon-winaon, ngolok-olok lan ngelek-elek dhumateng sesamining agesang.

Hajaddalem ingkang Sinuhun Pakubuwana saha Ingkang Sinuhun Sultan Hamengkubuwana angluhuraken Maulid Nabi, kanthi atur pisungsun arupi “ Gunungan Jaler lan Estri.” Menggah Gunungan mekaten kalebet salah satunggaling pepethan amulyakaken saha angluhuraken Maulid Nabi kanthi gegayuhan ingkang inggil. Tiyang menika menawi sampun saget dumugi ing puncaking gunung pamawasipun badhe langkung jembar tebanipun. Sakparipurnanipun ujub, gunungan menika dipunlorod, saperangan kacaos-caosaken minangka berkat (barokah) den saperangan malih dipunwontenaken kangge “Sedhekah Rebutan”. Menggah werdinipun rebutan mekaten saged mralambangi, sinten ta ingkang kesit, prigel, trengginas, cekat-ceket, inggih badhe pikantuk kathah. Dene ingkang lumuh, boten purun setiyar, aras-arasen, boten purun kumlawe bau sukunipun, pikantukipun inggih naming sekedhik, malah-malah sok malahh kapiran, boten pikantuk menapa-menapa.

Gunungan Hajaddalem punika wonten kalih warni, dipunparingi name Jaler lan Estri. Punika inggih sampun mralambangi, bilih ing Mayapada menika wonten kalih werni sesipatan, inggih menika lingga-yoni, laki-bini terangipun sipat jaler lan estri. Sipat kekalih menika menawi saget nyawiji badhe nuwuhaken daya kekiyatan ingkang ngedab-edabi tuwin pituwas ingkang mumpangati.

Taksih sesambetan kaliyan tradhisi sekatenan. Barang-barang sesadeyan ingkang sami kadhasaraken kathah ingkang ngemu pralambang utawi pasemon. Inggih mekaten menika alusing budaya Jawi, wulang warah ingkang naming mawi sanepan saha boten kadamel ngegla cetha wela-wela. Malah-malah kathah para sedherek ingkang dereng pana saha lebda kejawenipun, sami kecelik ing pamawasipun. Malah wonten saweneh ingkanng  semunipun hanggegujeng, ngenyek, ngece, dipunanggep pandamelan mosrik tuwin sanes-sanesipun. Kacaosaken conto-conto sawetawis:

Ing saben sekaten temtu wonten ingkang sade racikan kinangan ( suruh, gambir, sata, apu) dipunwadhahi candhik ron pisang, lajeng ing nginggil dipunsukani sekar kanthil. Wonten ingkang nganggep gugon tuhon, klenik lan sapiturutipun. Sakjatosipun menika  falsafah psikologis paedagogis / ilmiah.

Jlentrehipun mekaten: Suruh, mbako, gambir, enjet menika raosipun boten eca sedaya ( pait, getir). Ingkang dipunkersakaken para Mubalig tuwon priyantun kina mekaten: dibiasakna ngrasakna pait getiring lelakon. Yen awake dhewe iki lagi ketaman kesusahan, pait getir, ngelu mules yen ana wong kang mbiyantu kersa pring pitulungan, sapira bungahinng ati lan gedhening panarima. Beda yen lagi nemoni enak kepenak kasinungan rejeki mesthi ora mbutuhake pitulunganing liyan.

Sing sapa seneng tetulung hambiyantu marang wong kang lagi ketaman ngelu mules, ketaman kesusahan, nganti dadi laku lan dadi budi pekertine, pawongan iku kuncara lan wangi gandane/ asmane, kadidene kembang kanthil kang katumpangake ing sakdhuwuring racikan kinangan mau.

Wonten malih ingkang sade celengan. Menika inggih wonten werdinipun. Saksaged-saged tiyang punika hanggadhahana celengan tumrap kangge panggesangan lair, kapinteran, arta, bandha kadonyan sanesipun, kenginga kangge nyekapi kabetahan, wekdal taksih pinaringan gesang ing alam padhang punika. Kejawi menika, celengan kangge sawanci-wanci katimbalan marak sowan ing Pangayunaning Pangeran Ingkang Maha Agung. Umpaminipun: Taqwa dhumateng Allah S.W.T, ngestokaken dhawuhing Allah saha nebihi punapa ingkang dados pepacuhipun, ngamal soleh, ngamal jariyah tuwin sanesipun. Salajengipun, wonten malih celengan kangge tilaran / bundhel dhumateng anak-turunipun. Umpaminipun wekdal sugengipun hanggadhahi riwayat ingkang sae, sejarah ingkang saged njunjung martabat Nusa, Bangsa, pemerintah lan Nagari. Tetilaran-tetilaran sanesipun ingkang saged damel ageng lan pangaji-aji tumrap dhumateng anak turunipun.

Sanesipun celengan, ing Sekaten ugi kasade anak-anakan utawi bonekah. Menggah maknanipun, sedaya tiyang limrahipun sami remen lan hanggegontha dhumateng putranipun. Amargi putra menika ingkang badhe nyambet sujarah saha gegayuhanipun para pinisepuh. Putra menika menawi taksih alit bebasan kinempit-kempit kadya jarit, ingela-ela kadya kukila, kinudang-kudang, kagadhang-gadhang. Didus banyu gege, ben ndang gelis gedhe, yen wis gedhe ben dadi penggedhe, ya sing gedhe blanjane ya sing gedhe omahe. Menggah putra mekaten ngibaratipun kayu jati ingkang gedhe tur kenceng, menawi ngantos mleset pangrajangipun, satemah ngantos boten kenging kangge dandosan saka guru. Pramila kedah ngatos-atos lan ngginakaken petangan ingkang memet.

Ing saben Sekaten,  ugi wonten ingkang sadeyan  pecut. Menggah werdinipun: pecut makaten kalebet panggugah utawi pamecut . Menawi wonten pedamelan inggih kedah enggal kagarap ngantos rampung, boten dipun-endhe-endhe. Ingkang trengginas, cekat-ceket boten aras-arase. Hanggadhahi semangat ingkang makantta-kantar.

( Kabesut saking: Panjebar semangat. No:14 tanggal 5 April 2003, kaca 27-28 )

  1. A. Negesi Tembung

Tembung-tembung ing ngandhap menika kapadosana tegesipun!

  1. Mangayubagya:
  2. Bawera:
  3. Regengipun:
  4. Sesambetan:
  5. Wewarah:
  6. Gangsa:
  7. Padintenan:
  8. Ngedab-edabi:
  9. Tebanipun:

10. Ujub:

11. Lumuh:

12. Setiyar:

13. Mayapada:

14. Pituwas:

15.  Pana:

C. Gladhen

Kawangsulana pitakenan-pitakenan ing ngandhap menika mawi basa jawi krama!

1. Kadospundi miturut pamanggihipun para siswa ngengingi Tradhisi Sekaten?

2. Kadospundi menggah ing papan dunungipun para siswa, menapa inggih mekaten?

3. Menapa tegesipun Sekaten?

4. Kawula ing nuswa Jawi menika remen sanget kaliyan swantenipun ‘gangsa’, amargi kejawi nikmat dipunraosaken, ugi nggadhahi sesambetan kaliyan bab kawruh agami. Cobi kasebatna werdinipun gangsa menawi dipun-onceki sarana raos ingkang sesambetan kaliyan bab kawruh agami!

  1. Nalika katindakaken tradhisi Sekaten,  kathah masyarakat ingkang sami nyade barang-barang sesadheyan ingkang ngemu pralambang. Cobi kaandharna barang-barang menapa kemawon ingkang dipunsade, lajeng ngemu pralambang menapa kemawon!

II. MICARA

A. Waosan

Kawaosa batin artikel basa Jawi kanthi irah-irahan “ Lunturing Budaya SJL”ing ngandhap menika. Sasampunipun dipunwaos batin, salah satunggal siswa maos kanthi lafal saha wirama ingkang leres wonten ing ngajeng kelas.

LUNTURING BUDAYA SLJ ( SRAWUNG, JAGONG, LAYAT )

Rikala mapag pengetan 61 taun kamadikan RI meh kabeh stasiun TV lan ora keri ariwarti, padha umyeg mbabarake omongan bab kandel tipise rasa nasionalisme kang wis tipis. Rembug mau lumah. Jalaran apa? Generasi mudha sajak wis ora tepung maneh karo budayane. Babagan ngendi sing isih bisa diagul-agulake? Jare ujaring kandha, bangsa kita darbe budaya adiluhung. Kasunyatane uripe seni budaya sajak kangelan tuwuh ngrembaka. Jare Indonesia kkuwi bangsa sing sumeh, grapyak ing pasrawungan nanging kasuyatane gampang kebrangas kanepson utawa anarkhis, ora bisa nuwuhake rasa sukur tumrap peparinge Gusti Allah.

Bangsa Indonesia, mligine suku Jawa uga duwe budaya adi luhung kang dadi werdine wong urip bebrayan. Budaya mau aran SLJ. Irah-irahan SLJ miturut pangandikane dhalang misuwur saka Surakarta, ora liya werdine yaiku: Srawung, jagong, lan Layat. Rikalane limbukan, Ki Dhalang mratelakake, yen tetelune kuwi mujudake paugeraning urip neng ngalam donya. Apa tri paugeran kasebut isih katindakake tumrap saben warganing masyarakat? Wangsulane cekak aos wae, Wallahualam. Sajake yen dititi tenan, ing bab srawung isih adoh saka panjangka. Geleme srawung yen ana pamrihe, dene yen wus katekan karepe ya ditinggal semprung ngono wae. Bebasan, “ada udang di balik bau”.

Sabanjure ayo ngrembug budaya layat. Bab layat tumrap sedulur kang lagi nandhang dukita, sajak setali tiga uang, jas bukak iket blangkon, sama juga sami mawon. Pengalaman pait saka mitra mitrane penulis PS. Panjenengane durung suwe iki, kanthi kebak rasa trenyuh, dheweke nyritakake nalika kesripahan mbakayu pembayune sing wadon. Warta lelayu wis dikirim marang instasine sing lanang, semono uga marang paguyuban pensiuna sarta pengurus koperasi pensiunan. Nanging apa kangg dumadi? Tetela saka instansi nalika dheweke ngabdi 25 taun lawase, ora digatekake babar pisan. Aja maneh ana laying sasuwek kang mratelakake melu bela sungkawa, mitra sawiji wae ora ana sing teka layat. Ah…kok memelas banget nasibe.

Sabanjure mitrane penulis mau kanthi kekembeng waspane, mra telakake prihatine. Terus terang dheweke ora mikirake antuk dana bela sungkawa apa maneh sing aran santunan, jer kabeh mau wis kapasrahake la nana kang ngurusi dhewe. Sing digumuni kok ya kaya ngono patrape para mitrane. Sajroning swasana dukita, kok ya isih ana sing mentala “mungli”. Maune dipetung bakal antuk pangentheng-entheng prabeya saka perusahaan jasa kematian, ora ngeria saka dana santunan kang ditampa, malah kudu  isih nombok. Bebasane wus kelangan kulawarga isih kesandhung peti mati. Dikira menawa perusahaan mau nirlaba ( ana unsur sosiale) malahan kebak mawa petungan.

Liding omongan, ajuning era kesejagadan lan modernisasi kang disengkuyung teknologi kang canggih pancen ora bisa diselaki. Bab iki merbawani tumindake saben pawongan kudu sarwa instan. Anane pesawat telpon umpamane, tetela bisa nyingget nanging ngedhohake silaturahmi. Tuladha liyane, halal bi halal maune cukup mawa kirim laying, saiki ganti mawa SMS. Pesawat telpon lan kirim kartu Idul fitri wis ora njamani maneh. Yen kabeh mau bisa katindakake sarana SMS, lha kapan bisa ketemu karo priyayine kang kawogan? Ya kemajuan tteknologi iki kang njalari budaya SJL banjur dadi luntur. Manawa kita ora kuwat anggone mbetengi budayane dhewe kang adi luhung, temtu bakal suwe mijet wohing ranti, kalindhih dening budaya manca kang tuhu ora cundhuk karo kapribaden kita. Nuwun

( Kabesut saking; Yogya Basa jilid 3, kaca: 29-30)

B. Negesi Tembung

1. misuwur                            :

2. kebrangas kanepsone    :

3. mitra                                   :

4. waspa                                :

5. dukita                                 :

6. merbawani                                    :

7. paugeran                          :

8. liding                                  :

9. belasungkawa                 :

10. trenyuh                            :

C. Gladhen

Kawangsulana pitakenan ing ngandhap menika mawi basa Jawi karma!

1. Menapa werdinipun SLJ ing waosan?

2. Kasebatna tumindak menapa kemawon ingkang damel lunturing budaya SLJ?

3. Kacaroyosna isi ringkespun waosan ing nginggil!

4. Kadospundi miturut pamanggihipun para siswa bab SJL ingkang kalampahan ing papan panjenengan piyambak-piyambak? Kacariyosna kanthi ringkes!

5. Kapadosna tumindak-tumindak ingkang saged dipuntuladha menapa dene tumindak ingkang kedah dipunsingkiri ingkang kamot ing seratan wau!

6. Kangge gladhen cobi kadamelna kliping bab kabudayan saking majalah-majalah basa Jawi sanesipun!

III. MAOS

  1. Waosan

Kawaosa  waosan basa Jawi kanthi irah-irahan “ Tunggularum Wilujengan Merti Bumi Nolak Kurdane Gunung Merapi ” ing ngandhap menika. Sasampunipun dipunwaos batin, salah satunggal siswa maos kanthi lafal saha wirama ingkang leres wonten ing ngajeng kelas!

Tunggularum Wilujengan Merti Bumi  Nolak Kurdane Gunung Merapi

Diwiwiti Tari Persembahan, sing ditindakake dening mudha-mudhi warga dhusun  Tunggularum. Paraga tarine, ana wong 20. Dumadi saka lanang 8 lan wadon 12. Tujuane dedonga marang Gusti kang Akarya Jagad, supaya pinaringan kanugrahan, kabgyan lan keslametan.

Para pemudhane nggunakake surban putih, lan busana lurik keprajuritan gagrag Mataram, sing nggambarake Manawa masyarakat sing isih tedhak turune mataram Islam, salah sawijining umat sing tekun ngibadahe. Tangan sedhakep lan dhungkluk utawa tunduk. Nggambarake warg masyarakat Tunggularum mung sawijining titah cilik sing ora duwe daya kekuwatan, ing ngarsane Gusti Kang Maha Kuwasa.

Kajaba kuwi manut kapitayan masyarakat jawa, jenis tari persembahan iki mujudake caos sembah bektine masyarakat marang Dhanyang Sumara Bumi ing sukune Gunung Merapi, awujud sesaji. Ing antarane yaiku kyai Sapu Jagad, nyai Gadhung Mlati, kyai Krincing Wesi, branjang Kawat, lan sapanunggalane. Nadyan upacara sesaji sing luwih gedhe wis ditindakake dening kraton Ngayogyakarta, yaiku ing upacara sesaji labuhan gunung merapi. Sesaji tumpeng wilujengan, komplit salawuhe, sekul gurrih, ingkung sarta jajan pasar sing wis diseleh ing lincak dhuwur saka pring sing dawa sarta diwenehi pasren janur kuning.

Nolak kurdane merapi. Digambarake ing kono para Kenya nggawa bokor isi sesaji, sekar setaman lan katon kukusing dupa ratus kang kumelun. Sing tujuwane uga nyuwun kawilujengan, aja nganti sing danyang / sing mbaureksa ngamuk, kanthi muntahake lahar. Wilujengan Merti Bumi Tunggularum iki duwe tujuan minangka panolake kurdane Merapi.Nadyan kabeh bebenduning alam mau, tekane saka Kang Murba Amisesa Bumi, manungsa diwenangake mbudidaya.

Masyarakat dhusun Tunggularum, Wanakerta, Turi, Kabupaten Sleman, sing papane dumunung ana ing  perenge Gunung Merapi, biyen ajeg kewutahan lahar saka gunung Merapi. Mula masyarakat Tunggularum ora tau ngrasakake  asil panenan kanthi becik, merga sawahe kewutahan material, wujud wedhi, lendhut sing kecampuran lirang lan watu gedhe-gedhe.

Nyipati kahanan kaya iki, masarakat Tunggularum banjur pindhah ana ing dhataran sisih ngisor, sing adohe rong kilo meter. Dhusun Tunggularum sing anyar mau ditengeri jeneng Tunggularum Baru. Dene saperangan masyaakat ana kang transmigrasi ing Jambi lan Lampung, lan wilayah Sumatera liyane. Kejaba kuwi masyarakate wektu kuwi kudu cancut tali wanda kanggo ngolah lan ngemonah lemahe sing sakawit padhas lan atos. Wektu semana, racake mung ditanduri tela pohong, nganti pungkasane dadi subur kaya saiki.

Upacara Merti Bumi Tunggularum, iki ditindakake saben taun, kanggo mengeti anggone boyongan bedhol desa. Kejaba kuwi upacara iki mujudake ujub syukure masarakat Tunggularum, sing wis pinaringan keslametan, rejeki, asil panene akeh, lan ora kewutahan lahar saka Gunung Merapi. Gagasan nganakake  upacara Merti Bumi Tunggularum iki thukul saka masyarakat. Dikompliti tumpeng telulas werna, sing dumadi saka 13 dhusun. Ubarampe wilujengan, tukon pasar, sega tumpeng, sega gurih, lan jajan pasar. Kejaba kuwi, ana uga gunungan asil bumi, gunungan woh-wohan, lan gunungan salak kang dirayahake kanggo masyarakat.

Tata rakiting upacara mau dikantheni kirab pusaka Kyai Tunggul Wulung. Sadurunge iku diwiwiti prosesi njupuk banyu suci ing salah sawijining sendhang ing Tunggularum, ditindakake dening para pamonng desa. Kejaba kuwi uga dianakake arak-arakan bergada perjurit Tunggularum sarta warga masyarakat sing ngusung tumpeng, gunungan lanang, lan wadon. Kirab mau diwiwiti saka plataran bale desa nuju lapangan Tunggularum, sarta bregada prajurit sing nggawa tombak Kyai Tunggul Wulung. Kanggo nggrengsengake upacara tradhisi  iki, ing lapangan Tunggularum uga digelar pentas Tari Gambyong lan Tari Persembahan, binaane Dinas Pariwisata Kabupaten Sleman lan pamong Desa Tunggularum. Sawernane Gunungan dirayah dening masyarakat sing teka ing papan kono.

Gunungan Salak Gedhe. Gunungan Salak Gung Rinengga, duwe makna simbolis, yaiku lambang kesuburan bumi Tunggularum wulu wetune sing awujud salak pondhoh. B. Gladhen

Waosan ing nginggil kanthi irah-irahan Tunggularum Wilujengan Merti Bumi  Nolak Kurdane Gunung Merapi kadamela ringkesanipun ngangge ukaranipun para siswa piyambak, ingkang runtut saha kanthi basa ingkang sae salajengipun kawaosa ing sangajengipun kelas!

Salak mau ditata wujud gunung sing gedhe (agung). Gunungan salak mau pungkasane uga dirayah dening  sagung warga masyarakat sing padha melu nekani upacara Merti Bumi. Ditata ngemperi Gunung Merapi, sing darbe kekuwatan ngedab-edabi banget, dianggep ana daya kekuwatan ghaib, sing samangsa-mangsa bias kurda. Gunung salak sing digawe gedhe lambang saka Agenge panguwasane Gusti Kang Maha Mirah, paring bumi sing subur makmur, kang mahanani subur kang sarwa tinandur. Rinengga, sing tegese masyarakat Tunggularum, sumrambahe masyarakat Kecamatan Turi, Kabupaten Sleman, tansah nunggu / nengga utawa nyadhong welas asihe Pangeran. Manut pratelane H. Aji Wilantoro, SH, saka Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Sleman, manawa Gunungan Salak gung rinengga iki, kanggo narik kawigatene wisatawan.

(Kabesut saking: K. Ningrum, Sempulur No: 22/ XII/ 2007. Kaca 8-9 kanthi ewah-ewahan sawetawis)

IV. NYERAT

  1. A. Ancer-ancer
1. Siswa kaangkah ningali utawi ndherek aktif ing kegiyatan masyarakat ingkang sampun nate kawontenaken ing lingkunganipun para siswa piyambak, utawi sesarengan ningali rekaman kegiatan masyarakat kadosta merti dhusun, pakempalan rutin, layatan, jagong, gugur gunung, saha sapiturutipun.
2. Siswa dipunkelompokaken, saben kelompok lare sekawan menapa gangsal. Saben kelompok damel cengkorongan apresiasi kegiatan masyarakat ingkang sampun dipuntingali. Salajengipun, saben siswa majeng ngandharaken apresiasinipun adhedhasar cengkorongan ingkang sampun kadamel.
3. Tuladha cengkorongan apresiasi bab lunturing budaya SLJ.

Cengkorongan

Asiling Apresiasi

a.Menapa ingkang dipunsebat budaya SLJ? Menapa taksih  dados paugeraning tiyang gesang ing ngalam donya? ……………………………………………………………..

………………………………………………………….

………………………………………………………….

b. Kenging menapa ing masyarakat dipun-adani budaya SLJ menika? ………………………………………………………….

………………………………………………………….

c.Sinten kemawon paraganipun ingkang nindakaken budaya SLJ menika? Sampun sae miturut tatanan ing masyarakat menapa dereng? ………………………………………………………….

………………………………………………………….

………………………………………………………….

………………………………………………………….

d.Menapa kemajenganipun jaman mangaribawani kawontenanipun budaya SLJ menika? Cobi kaandharna! ………………………………………………………….

………………………………………………………….

………………………………………………………….

e. Piwulang sae menapa kemawon ingkang saged kapendhet ing budaya SLJ  kala wau? ………………………………………………………….

………………………………………………………….

B. Gladhen.

Para siswa kadhawuhan ngandharaken apresiasi bab kegiyatan ing masyarakat sanesipun ingkang sampun nate dipuntingali utawi dipuntindakaken. Kados ta: merti dhusun, pakempalan rutin, layatan, jagong, gugur gunung, saha sapiturutipun.

%d bloggers like this: