N. TES AKHIR SEMESTER 2

TES AKHIR SEMESTER 2

A. Kawangsulana pitakenan-pitakenan ing ngandhap menika kanthi ngeping ( X ) ing pilihan ingkang kaanggep leres!

Waosan ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer: 1, 2, 3, 4, saha 5.

SALIN JAMAN SALIN TATANAN

Ing ngendi papan, wektu jaman biyen, saiki nganti tekan besuk kabeh wong padha nindakake tata krama, mung wae kudu eling papan siji lan sijine. Ngecakake tata krama iku kudu empan papan, aja nganti digebyah uyah. Anggone nindakake kudu ngelingi papane, kahanane, wektune, dicocogake karo kala mangsane. Kena diunekake salin jaman salin tatanan. Sing biyen dianggep becik, bokmenawa saiki bisa dianggep ala. Kang saiki ala bisa uga besuk kalebu becik.

Nindakake tata krama iku padha karo nggunakake pangati-ati, deduga lan prayoga. Ingkang Sinuwun Paku Buwana IV ing bukune Wulangreh paring dhawuh manawa duga lan prayoga iku katindakake yen pinuju lungguh, ngadeg, mlaku, omong, meneng, turu, mangan, sebab duga lan prayoga iku piranti urip sing ora kena ditinggal. Cekak aose sakabehing tumindak kudu nganggo tata krama, tansah nganggo deduga. Sing gelem nindakake tata krama uripe bakal tentrem, begja, tansah nemu keslametan ing sadhengah papan. Sapa sing bisa migunakake tata krama kanthi becik bakal mundhak ajining dhirine, dikurmati, diajeni wong liya lan dadi tuladha urip sing utama.

1. Tata krama iku tumuju marang ….

Andharan iki bener kajaba….

  1. Katentreman                                                 d. kamulyan
  2. Kabegjan                                                       e. kapinteran
  3. Keslametan

2. Buku wulangreh anggitanipun….

a. Paku Alam IV                                                   d. Ranggawarsita

b. Paku Buwana IV                                                         e. Sindusastra

c. Hamengku Buwana IV

3. Nindakake tata krama iku padha karo nggunakake pangati-ati, deduga lan prayoga. Menapa tegesipun prayoga?….

a. pangati-ati                                                        d. kabecikan

b. piranti                                                                e. Ing ngendi papan.

c. nganti-anti

4. Salin jaman salin tatanan menawi kaserat aksara jawi: …

a. ÄslinJm[nNslinTtn[nN .                      d. ÄslinJmnBi[ynLnSaiki.

b. ÄslinJmnSlinTtnn¿,               e.ÄslinNjmnMev=ttnn¿,

c. ÄslinJmn¿vlinTtnn¿,

5. Sapa sing bisa migunakake tata krama kanthi becik bakal kayata ing ngisor iki, kejaba….

a.  mundhak ajining dhirine                              d. dikurmati

b. diajeni wong liya                                             e.  dadi tuladha urip sing utama.

c. dadi guneme wong liya

6. Tata kramanipun pitepungan kasebat ing ngandhap menika, kajawi

a. grapyak lan semanak                                      d. ngendika alon-alon sanget

b. migunakaken basa ingkang sae                               e. nggatosaken ngendikanipun tiyang sanes.

c. nyingkiri tetembungan ingkang damel  seriking manah

7. Ginanipun basa krama …, kejawi

a. putra dhateng tiyang sepuhipun                             d. tiyang ingkang dereng kenal

b. tiyang sepuh dhateng lare                            e. siswa dhateng gurunipun

c. andhahan dhateng pimpinan

Kawangsulana pitakenan ing nomer 8, 9, 10,  saha 11 adhedhasar geguritan ing ngandhap!

Butuh Kawicaksanan

Dening: R. Bambang Nursinggih

Siswa bebasan dluwang memplak

tanpa sunggingan

abang birune gumantung pamulase sang dwija

siswa butuh kawicaksanan

ora mung owah-owahan

Dhedhel pintere

uga gumantung wasise guru aweh wawasan

siswa butuh kapitayan mekarake dhiri

ing jagade sesrawungan

nadyan ora pati wegig

waton bisa mandhiri iku gawe bungah

siswa ora butuh kae-kae

utamane ya mung tuladha

Amrih rahayu,

siswa aja den uja warah-wuruk kang “nglegena”

nanging isenana “bibite lenga tala”

amrih kuwawa nrabas krodhane “mangsa kala”

yayah-rena tan kuciwa nampa undhuh-undhuhane

guru mongkok lan lega

negara mundhak kuncara jembar kumandhange.

8. Siswa  bebasan dluwang memplak. Menapa tegesipun memplak?…

  1. Abang
  2. Biru
  3. Putih
  4. Resik
  5. Suci

9. Abang birune gumantung pamulase sang dwija. Dasanamanipun dwija ingkang leres: ….

a. pnDit

b. bp

c. tiy=sepuh

d. aibu

e. guru

10. Siswa aja den uja warah-wuruk kang nglegena. Apa tegese nglegena ?…

a. ngandhut wewadi

b. salugune tanpa ana tambahan apa-apa

c. gawe pradondi

d. gawe lantip

e. murakabi tumrap urip ing masyarakat

11. Inti sari ingkang saged kapendhet saking geguritan ing nginggil kadosta ing ngandhap menika, kejawi…….

a. Kawicaksanan guru dipunbetahaken amrih kasembadan gegayuhanipun siswa.

b. Guru ingkang wasis saged dadosaken langkung lantipipun siswa.

c. Ancasipun ngangsu kawruh supados saged mandhiri ing jagading sesrawungan.

d. Kanthi tuladha-tuladha ingkang trep kaliyan kawontenanipun jaman kaajab siswa saged nrabas lampahipun jaman edan samenika.

e. Bapa lan ibu boten kuciwa menawi nampi undhuh-undhuhanipun awon.

12. Motif kawung utawi ceplok  minangka lambang 4 tenaga alam. Ingkang kalebet lambang tandha pralaya/ gugur. Inggih menika kebat sisih …

a. ler

b. kidul

c. wetan

d. kilen

e. tengah

13. Motif bathik …………. ingkang namung dipun-agem khusus  para raja lan para satriya utawi putrining raja.

a. Truntum

b. Sida mukti

c. Semen rama

d. Parang

e. Grompol

14. Ing ngadhap menika minangka gambar motif bathik…

a. Truntum

b. Sida mukti

c. Semen rama

d. Parang

e. Grompol

15. Kawaosa waosan ing ngandhap menika?

Kain bathik yen kurang pangrumate gelis mbulak lan mbladhus. Mula kudu ngati-ati lan tlaten. Klambi bathik yen wus rampung dienggo diisis  dhisik ing panggonan tinaburka, aja kesusu dikum utawa dikumbah, jaman biyen bathik  padha dikumbah nganggo lerak  arane woh kaya dene jarak. Nanging saiki yen anggone ngumbah kepeksa nganggo sabun deterjen, pilihen deterjen sing lembut lan anggone ngumbah kapeksa nganggo sethithik wae, aja dikum suwe-suwe, anggone nguceg alon. Sawise dikumbah aja  aja diperes nanging cukup dikebutake wae, banjur dijereng ing panggonan sing adhem lan isis, aja nganti kena sunaring srengenge langsung.

Supaya bathik dadi alus, bisa wae disetrika nganggo panas sedhengan supaya ora nglinthing utawa jengkerut. Sawise disetrika banjur dilebokake ing lemari kanthi dilempit utawa digantung ( hanger ) lemarine diwenehi kapur barus  utawa ambon-ambon liyane, kayata kayu cendhana supaya kain bathik ora dipangan gegremet lan ora apeg ambune. Bathik aja kerep-kerep dikumbah, mula becike anggone nganggo iya arang wae, apa prelune.

Judul ingkang trep kangge waosan ing nginggil inggih menika…

a. Njagi wujudipun bathik

b. Kain bathik

c. Pangrumate bathik

d. Carane ngupakara kain bathik

e. Ngrumat kain bathik kudu ngati-ati

Kawangsulana pitakenan nomer 16, 17, 18  adhedhasar sekar macapat menika ….

……………………..

Sih-sinihan kekarone sami

lamun priya kang murbawasesa

tumraping kulawargane

tan beda lungguhipun

mung karyane pan datan sami

wanita kang mranata

bale wismanipun

padha mad-sinamadan

guyub rukun saiyeg saeka kapti

maweh tentreming griya.

16. Andharan ing ngandhap menika boten kalebet intisarisaking sekar macapat ing nginggil inggih menika…

a. gesang bebrayan kedah sami lan manunggal katresnanipun

b. kakung ingkang nanggel jawab sedaya kaluwarganipun

c. putri ingkang mranata sedaya prekawis ngengingi bale wismanipun.

d. kakung putri tansah congkrah lan padudon amargi prekawis ingkang sepele.

e. antawisipun kakung lan putri kedah nyawiji kekajenganipun.

17. Sekar ing nginggil kalebet sekar macapat menapa? …

a. Asmaradana

b. Dhandhanggula

c. Sinom

d. Gambuh

e. Megatruh

18. Saking sekar macapat gatra 4 ing nginggil, dumadi saking guru wilangan lan guru lagu ….

a. 10i

b. 8e

c. 7u

d. 7a

e. 6u

19. Tuladha jinising tembang macapat inggih menika…

a. mijil, asmaradana, cucak rawa, nyidam sari

b. pangkur, gambuh, gambir sawit, megatruh

c. Durma, balabak, juru demung, pocung

d. megatruh sinom, maskumambang, pangkur

e. kinanthi, asmaradana, girisa, campursari.

20. Yen damel sekar macapat kedah mangertosi aturan tertamtu, kadosta: guru lagu, guru wilangan, guru gatra. Cacahing wanda saben sagatra dipunwastani…

a. a gurulgu

b. guruwil=zn¿,

c. gurugtº

d. pf

e. guruwilzn¿,

21. Ki Hajar Dewantara sesanti; Ing Ngarsa Sung Tuladha. Seratan latin kasebat menawi kaserat kanthi aksara Jawi….

  1. ?kiaj/dewnTrsesnTi:ai=z/ssu=tulf.
  2. ?kiaj/[fwnTrsesnTi;ai=z/ssu=tuld.
  3. ?kiaj/fewnTrsesnTi;az/ssu=tuld.
  4. ?kaj/fwnTrssnTi;ai=z/ssu=tuld.
  5. ?kiaj/dewnTr[ssnTi;ai=z/ssu=tuld.
22. Omah tumrap wong Jawa didunungake minangka semah utawa sigaraning nyawa. Omah mujudake pralambang sesambungan ragawiyah lan kreteging jiwa kabeh sing dedunung ing sanjerone. Krenteging jiwa dadi ruh tumrap samubarang gawe lan sesambungan sosial sing dumadi. Andharan ing ngisor kang wose nalisir saka wacan ing dhuwur yaiku:

a. Ing madyaning bebrayan Jawa iku sing sinebut mangun kulawarga dhewe ora mung wates mangun kang awujud ragawiyah, yaiku nyawijine priya lan wanita ing sajroning bebadan kulawarga.

b. Sing karan omah-omah iku nggambarake nyawiji lan sesambungane ati loro, jiwa loro, sing sarujuk nglakoni urip bebarengan kanthi total ing wewengkon jagad cilik (mikro) sing lumrah sinebut omah.

c. Ing madyaning bebrayan Jawa sing isih kenthel diwernani oyot kabudayan Jawa, sing mangun bebrayan agung iku dudu pribadi-pribadi warga ananging somah sing tansah melu urun kridha ing maneka warna prekara utawa maneka warna gawe kang asipat mligi ing madyaning bebrayan.

d. Somah ateges saomah. Wujude kanthi ngajak soksapaa kang wis dikenal supaya manggon dadi siji tanpa ngetung apa kuwi isih ana garising keturunan apa mung wong liya.

e. somah ing madyaning bebrayan Jawa mujudake sawijining wewangunan sosial kang asipat kompleks lan tansah ngalami owah-owahan utawa dinamis, wujud omah Jawa uga asipat dinamis.

23. Tata paes kang katindakake dening manten putri ana ing akad nikah cara adat Jawa Gagrag Ngayogyakarta akeh banget simbul-simbul lan ngemu teges kang jero saka jeneng-jeneng paes kasebut, ora mung waton jeneng lan templekan saka tata paes sawantah, supaya katon ayu lan mungguh. Nanging mengku teges lan pamrih mirunggan tumrap wong Jawa, mligine marang kang  lagi nindakake ijab.

Ingkang boten kalebet tata paes adat Jawa Gagrag Ngayogyakarta inggih menika:….

a. panunggul

b. panitis

c. pangapit

d. canthing

d. cithak

24. Pengapit nggadhahi teges kados ing ngandhap menika:….

a. minangka kakung njunjung dhuwur hak-hake sisihane, kudu kanthi temen-temen tresna lan  setya marang janjine nalika akad nikah

b. mujudake peling. Jalaran minangka rabi (bojo wadon) saka laki ( bojo lanang), pancen duwe kewajiban njaga arume kakung, menehi greget kang dadi jejibahane kakung lan mulang muruk anak-anake kanthi becik.

c. nuntun jejodhoan tansah setya tuhu lan ngelingake, padha dene anggone asah, asih lan  asuh sarta eling lan waspada sajroning mangun bale wisma.

d. mujudake simbul kawicaksanan lan pangajab supaya enggone bebrayan jejodhoan ing madyaning bale wisma tansah tumindak duga prayoga lan wicaksana jroning nggayuh gegayuhan bale wisma kang tentrem, bagya, mulya, lair lan batin.

e. manungsa kudu ngerti asal-usule saka ngendi lan bakal menyang endi lungane.

25. Unggah-ungguh ingkang gegayutan kaliyan tindak-tanduk ing saben dinten….

  1. tatakrama
  2. paugeran
  3. wewarah
  4. aturan
  5. nasihat

26. Pranataning basa miturut lenggahing tatakrama kawastanan….

a.   Undha-usuking basa

b.   Kerata basa

c.   Rura basa

d.   Kagunan basa

e.   Tata basa

27. Kadospundi caranipun njagi lestantunipun lan ngrembakakaken basa lan budaya Jawi:

a. wonten ing salebetipun bingkai ke Indonesiaan.

b. tuwuh minangka identitas dhiri.

c. dipunleksanakaken lestantunipun  sesarengan kaliyan ngrembakanipun basa Nasional.

d. minangka perangan integral kabudayan bangsa Indonesia.

e. minangka bingkai budaya jawi.

28. Basa jawi ingkang baku kangge gineman padintenan, inggih menika

a. basa jawi madya, ngoko lugu, ngoko andhap lan basa jawi krama

b. basa jawi madya, ngoko, ngoko andhap, lan basa jawi krama inggil

c. basa jawi ngoko, basa jawi madya, basa krama lan krama inggil

d. basa jawi ngoko, basa jawi krama lugu lan basa jawi krama

e. basa jawi ngoko lugu, basa jawi krama andhap lan basa jawi krama inggil

29. Basa jawi ingkang kangge caos pakurmatan ingkang paling ngajeni tiyang sanes nalika gineman, inggih menika:

a. basa jawi madya

b. basa jawi krama lugu

c. basa jawi ngoko alus

d. basa jawi ngoko andhap

e. basa jawi krama inggil

30. Basa Jawi ingkang suka pakurmatan dhateng tiyang sanes ingkang sampun kulina, nalika gineman ngginakaken basa Jawi:

a. basa jawi ngoko andhap

b. basa jawi ngoko madya

c. basa jawi ngoko lugu

d. basa jawi krama lugu

e. basa jawi krama andhap

31. Ing ngandhap punika ukara ingkang boten trep menawi badhe nyuwun pangapura kaliyan bapak utawa ibu, inggih menika…

a. “Bapak aku jaluk ngapura menawi ana kalepatan setunggal tahun iki.”

b. “Bapak kula nyuwun pangapura, amargi, kalawingi kula kesah boten pamit.”

c. “Bapak kula nyuwun pangapura, amargi kalawingi ngampil rasukanipun bapak,

ananging dereng matur rumiyin.”

d.  “Dik, aku njaluk ngapura ya! Aku wingi nakali kowe.”

e. “ Ibu kula nyuwun pangapura, kala wingi kula mantuk radi sonten, amargi wonten

acara TONTI ing sekolahan.”

32.  Bapak bali saka dodolan banjur turu, krama alusipun:…

a. Bapak kondur saking sadean lajeng sare

b. Bapak wangsul saking sadean lajeng sare

c. Bapak wangsul saking sadean lajeng tilem

d. Bapak kondur saking sadean lajeng tilem

e. Bapak kondur saking sadean lajeng sare

33. Apa kowe sida lunga menyang Madiun? Dipundamel ngoko alus?…

a. Apa sampeyan siyos dhateng Madiun?

b. Apa sampeyan saestu kesah dhateng Madiun?

c. Apa panjenengan saestu teng Madiun?

d. Apa panjenengan sida tindak menyang Madiun?

e. Apa panjenengan saestu tindak dhateng Madiun?

34. Yen kowe arep nyilih buku Bu Guru, kepriye anggonmu matur? Endi sing prayoga? …

a. Bu Guru, kula ajeng ngampil buku.

b. Nuwun sewu, kula ngampil buku.

c. Ngampil bukune, Bu.

d. Bu, menawi kepareng kula badhe nyuwun ngampil bukunipun.

e. Bu Guru, kepareng boten kepareng kula ngampil bukunipun Bu Guru

35. Perangan sepisan ingkang dipun andharaken ing sesorah inggih punika….

a.  wigatining sedya

b.  panutup

c.  pambuka

d.  salam pambuka

e.  ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah

36. Bab-bab ingkang boten kedah dipun-gatosaken nalika sesorah inggih punika….

a.   busana ingkang sopan

  1. basa ingkang trep kaliyan undha usuking basa
  2. solah bawa utawa trapsila ingkang sae
  3. swantenipun cetha, mboten groyok
  4. swantenipun lirih

37. Ular- ular utawi tanggap sabda ing salebetipun sesorah ugi dipunwastani….

  1. pambagyaharja
  2. sabdatama
  3. tanggap wacana
  4. sambutan
  5. wewarah

38. Ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para tamu, ing salebetipun acara kawastanan atur….

  1. atur pambagyaharja
  2. atur panuwun
  3. atur belasungkawa
  4. atur pasrah
  5. atur panampi

39. Pranatacara inggih punika paraga ingkang nglantaraken satunggalipun acara. Pranatacara ugi kawastanan….

  1. pamedhartama
  2. tanggap wacana
  3. pamedharsabda
  4. pambiwara
  5. sabdatama

40. Sanggyaning tamu ingkang kinurmatan, minangka talanging basa ingkang kagungan hajat, kula ngaturaken sugeng rawuh lan mbok biliha wonten bab-bab ingkang mboten nuju prana, anggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya kula sabrayat, ngaturaken agunging pangaksami. Andharan kasebat tuladha atur….

  1. atur pambagyaharja
  2. atur panuwun
  3. atur belasungkawa
  4. atur pasrah
  5. atur panampi

41. Kula minangka pambiwara wonten ing adicara kalenggahan punika, mbok bilih wonten tutur atur ingkang kelantur kula nyuwun agunging pangaksami dhumateng panjenengan sedaya. Andharan kasebat tuladha atur….

  1. atur pambagya
  2. atur panuwun
  3. atur panutup
  4. atur pasrah
  5. atur panampi

42. Urut-urutaning sesorah utawi cengkorongan sesorah inggih menika:

a. salam pambuka, bebuka, purwaka, wigatosing atur, pangajeng-ajeng, panutup

b. salam pambuka, purwaka, isi utawi wigatosing atur, pangajeng-ajeng lan panutup

c. bebuka, salam pambuka, purwaka, wigatosing atur, pangajak lan panutup

d. salam, pambuka, purwaka, wigatosing atur, pangajak lan panutup

e. salam, pambuka, panuwunan, purwaka wigatosing atur, pangajeng-ajeng, panutup.

43. Kanthi upacara utawa adat, uriping manungsa bisa tumata …

a. merga wis dirancang manungsa

b. ayom-ayem-tentrem

c. sengsara lan rekasa

d. rekaos anggenipun menggalih

e. digantha-gantha gesangipun

44. Pisang sanggan ing upacara adat mantu nduweni filosofi ….

a. bisaa nuladha  pakartine raja sing becik-becik

b. bisaa nuladha  pakartine raja sing ora becik

c. pandonga marang ingkang maha kuwaos

d. mbangun kulawarga

e. kangge peparing kaliyan calon besan.

45. Paes cakrik Ngayogyakarta bisa dibedakake dadi lima yaiku…

a. Yogya putri, kasatriyan, kasatriyan ageng, paes ageng, paes ageng jangan menir

b. Yogya putri, kasatriyan, kanjeng sultan, paes ageng jangan menir, kasunanan

c. Yogya putri, kasatriyan, kasunanan, paes ageng jangan menir, paes ageng

d. Yogya putri, kasunanan, kasatriyan ageng,  paes ageng, paes ageng jangan menir

e. Kasastriyan, kanjeng sultan, kasatriyan ageng, paes ageng, paes ageng jangan menir

46. Ing ngandhap menika wonten gambar busana penganten gagrag Ngayogyakarta, Busana menika dipunsebat…

a.

a. Busana Penganten Paes Ageng

b. Busana Penganten Paes Ageng Jangan Menir

c. Busana Penganten Yogya Putri

d. Busana Penganten Kasatriyan Ageng

e.  Busana Penganten Kasatriyan

47. Tata cara ingkang dipuntindakaken saderengipun mantu kasebat ing ngandhap menika, kejawi

a. ijab, panggih, pahargyan

b. pahargyan, pasang tuwuhan, midodareni

c. pawiwahan, buwangan, midodareni

d. buwangan, pasang tuwuhan, midodareni

e. dodol dhawet, ijab, panggih

48. …. nggadhahi ancas ngicalaken sedaya pepalang, saengga tempuking adicara lancar.

a. siraman

b. midodareni

c. buwangan

d. pasang tarub

e. dodol dhawet

49. Tuwuhan ingkang kapasang ing gapuraning pawiwahan wujudipun antawisipun…

a. palawija, klapa, ringin

b. jagung, gedhang, tebu

c. jamur, ringin, klapa

d. ringin, palawija, klapa

e. tebu, cengkir, ringin

50. Maknaning tumpeng robyong ing midodareni inggih menika…

a. swasana suka-suka

b. pambiyantuning kulawarga

c. penganten tansah rukun

d. enggal angsal keturunan

e. amrih tamunipun kathah.

51. Kencenging pikir lan anteping kalbu calon pengantin dipunwujudaken kanthi lambang…

a. godhong alang-alang, godhong apa-apa

b. cengkir lan pisang satundhun

c. cengkir lan tebu

d. godhong kluwih lan ringin

e. pari sawuli lan tebu

52. Sing kagungan kersa duwe pepinginan supaya lakune adicara lancar, ora ana alangan sawiji apa, diwujudake kanthi lambang….

a. godhong alang-alang

b. godhong ringin

c. godhong kluwih

d. pari sawuli

e. pisang satundhun

53. Sih-sihan kekarone sami, tan beda lungguhipun, mangkana ukara ing sekar, tandha yen priya lan wanita ing kulawarga…

a. sami pakaryanipun

b. sami raosanipun

c. sami donganipun

d. sami drajadipun

e. sami ngalahipun

Kawaosa kanthi premati!

Nguda raos

Wonten ing kalawarti asring kapacak bab tumindakipun para anem ing jaman samenika. Wonten ingkang mastani yen patrapipun nem-neman sami bubrah, remen nerak angger-anggering negari, nrejang wewalering agami, tumindak nerak kasusilan, lsp. Ing pawiyatan, boten sedaya lare nindakaken tata krama kanthi sae lan basa Jawi ingkang leres. Boten saben siswa ingkang pinanggih guru ngucapaken salam, manthuk kanthi polatan sumeh. Yen dipundangu utawi dipunajak pirembagan tangan tumata, ngapurancang, manawi matur ukaranipun migunakaken basa Jawi ingkang trep, dipunkantheni solah bawa lan pasemon manis ingkang ngremenaken ing panyawang. Manawi ing pawiyatan ingkang kebak pranatan kemawon kathah ingkang boten mangertos ing tata, menapa malih ing sanjawining pawiyatan, bokmenawi sangsaya boten kanten-kantenan.

54. Tuladhanipun watak nem-neman ingkang miturut dening angger-anggering negari inggih menika….

a. damel raja pati

b. ngrampog

c. solah bawa ngremenaken

d. ngrudapeksa

e. ngangge narkoba.

55. Tindak-tanduk ingkang sae ing pundi papan kedah dipunlestantunaken. Tindak-tanduk ingkang sae kasebut kados ing ngandhap menika kejawi….

a. astanipun ngapurancang menawi dipunajak pirembagan

b. manthuk kanthi polatan sumeh

c. pasemon manis

d. menawi kepanggih guru kados dereng tepang

e. basanipun migunakaken basa ingkang trep.

Kawaosa kanthi premati !

……………………………….

Manawa momong bocah, kudune sing momong luwih tuwa, tuwa umure lan tuwa jiwane. Kepriye yen sing diemong tuwa-tuwa umure? Pemimpin kudu duwe jiwa temuwa, temuwa iku ora gumantung marang umur. Ana bocah utawa wong enom sing temuwa, kosok baline akeh uga wong sing tuwa umure nanging isih mbocahi, panemune molah-malih, yen seneng / susah ketara banget, yen nesu lan kagol atine akeh wong sing dadi kurbane. Ya pancen ngono iku watake bocah.

Watak mangkono mau bisa dikendhaleni menawa pemimpin mau ana ing satengahing wong kang temuwa atine, lire ora mung bener nanging uga pener ing sabarang ucap lan tumindak, sanajan durung nate dadi pemimpin, nanging saora-orane bisa dadi patuladhan.

56. Irah-irahan ( judul ) ingkang trep kangge waosan ing nginggil inggih menika …

a. pemimpin sing tuwa umure

b. temuwa

c. pemimpin tuwa kang mbocahi

d. pemimpin enom kang temuwa

e. jiwa temuwa.

57. Ana uga wong tuwa sing isih mbocahi, dene watake kayata ing ngisor iki, kajaba ….

a. aweh patuladhan kang becik

b. panemune molah-malih

c. menawa nandhang susah / seneng ketara banget solah bawane

d. menawa kagol akeh sing dadi kurbane

e. mburu apa kang dadi kasenengane.

58. Murid sing pinter iku tanggap sasmita. Apa tegese ukara kasebut?…

a. murid kang pinter lan sekti mandraguna

b. murid kang pinter ngudhari piwulang kang ora diblakakake

c. murid kang gelem nampa apa kang wus diparingake

d. murid kang pinter nampa piwulang

e. murid kang pinter meguru.

59. Ing ngisor iki ciri-cirine wong sabar, kajaba …

a. seneng menehi pangapura

b. pinter pikirane

c. nyambut gawe satekane

d. ikhlas lair batin

e. aji mumpung anggone makarya.

60. Urip ing donya mesthi duwe masalah, ewa semono masalah iku wis digarisake dening Gusti Pangeran miturut pepesthene dhewe-dhewe. Andharan iku trep karo unen-unen …

a. lila lair trus delahan

b. datan kemba ing sabarang makarti

c. bobot timbang abot entheng wus tinraju

d. limpating panggraita

e. tan kesesa waspada ing hambeg dudu.

B. Kawangsulana kanthi jangkep !

1. Ing ngandhap menika wonten gambar cengkorongan paes,

a. Cobi kasebatna perangan ( bagian-bagianipun ) cengkorongan paes menika ?

b. Menapa tegesipun perangan ( bagian-bagian ) cengkorongan paes menika?

2. Waosan ing ngandhap menika kadamela mawi basa krama ingkang leres!

Sakabehing tumindake wong urip ing alam donya kudu nganggo tata krama, tansah nganggo deduga utawa pangati-ati. Sing gelem nindakake tata krama uripe bakal tentrem, begja, tansah nemu keslametan ing sadhengah papan. Sapa sing bisa migunakake tata krama kanthi becik bakal mundhak ajining dhirine, dikurmati, diajeni wong liya lan dadi tuladha urip sing utama.

3. Seratan Aksara Jawi menika kaserata mawi aksara latin!

Ä A bu*k/ A liketemu@nJ_%[zr n*uwn!grai=kº[ton*gFf¿,

kek[ro[nbnJ|/pdfiki/lnPdppmB|gGnP }krjkt¿,

rtu[lo[romaup[nCnTkWmr=&usTi A lLhyaikuftGaibK=makuws.

4. Menapa sebabipun ilmu langkung aji tinimbang bandha?

5. Menapa tegesipun paribasan ” Narima ing pandum”?

6.Adhedhasar ( berdasarkan) waosan ing ngandhap menika, kadamela pacelathon ( dialog ) antawisipun simbah kaliyan  putu.

Panganggone panganan Tradhisional

ing Upacara Tradhisional

Tataran sadurunge mantu ana tatacara pasang tarub, buwangan, pasang tuwuhan, siraman, dodol dhawet lan midodareni. Ing tatacara mau migunakake panganan tradhisional kayata: nalika pasang tarub nganggo sega gurih lan sega golong minangka lambang manunggaling kawula Gusti kang dikantheni uga ketan lan apem minangka lambang  mulyakake leluhur, lan kanthi kolak minangka lambang tolak balak, muga-muga Gusti paring pagapura saengga apa kang dituju bisa kalaksanan kanthi rahayu ora ana alangan.

Buwangan ateges mbuwang sakabehing pepalang supaya tempuking gawe kalis ing sambekala. Tuwuhan ateges tanduran kang dipasang ing gapuraning pawiwahan, wujude kayata pisang satundhun, cengkir gadhing, tebu, godhong kluwih, godhong alang-alang, janur, lsp. Dene ancase supaya penganten sing arep urip bebrayan bisa bagya mulya tanpa alangan.

Nalika siraman lan midodareni, ana tumpeng robyong kang maknane muga tempuking gawe penganten disengkuyung, dirobyong-robyong kulawarga lan tangga teparo. Dene ing acara dodol dhawet maknane nalika upacara dhauping penganten, swasana regeng gayeng, suka-suka lan guyub rukun.

7. Wonten ing upacara penganten, wonten istilah pawiwahan lan pahargyan penganten. Cobi kasebatna menapa bedanipun pawiwahan kaliyan pahargyan ! ( 4 mawon )

8. Samenika busana penganten gagrag Ngayogyakarta wonten pinten ? Menapa kemawon ?

9. a.  Menapa kemawon rerangkenipun ( rangkaian ) upacara penganten ?

b. Salah setunggaling tata cara awal mantu  ing jaman rumiyin inggih menika “nyantri “, menapa   ancasipun ( tujuan ) ?

10. Kasebatna 4 tuladha kados pundi caranipun nglestantunaken kabudayan Jawi kalebet busana penganten ?

SUGENG MAKARYA

%d bloggers like this: