J. WULANGAN 9

WULANGAN 9

Mata Pelajaran  : Bahasa Jawa

Kelas/ Semester     : X/ Genap

I. NYEMAK

A. Waosan

Salah satunggal siswa maos, dene sanesipun nyemak!

Penghargaan Seni 2007

Pakurmatan Tumrap Lelabuhane Para Seniman lan Budayawan DIY

Kanthi penghagaan seni mau kaajab para seniman lan budayawan kasebut tansaya luwih grengseng anggone makarya ing babagan seni lan kabudayan. Wondene tumrap kang during bisa nampa bisoa kagered supaya nikelake pakaryane.Wondene tumrap kang durung bisa nampa bisoa kagered supaya nikelake pakaryane. Mengkono atur pangandikane Gubernur DIY Sri Sultan HB X lumantar serat kang kawaosake dening Kepala Dinas Kebudayaan provinsi DIY Ir. Condroyono MSP.

Para seniman lan budayawan kang antuk Penghargaan Seni Taun 2007 iki cacahe ana lima, yaiku: 1. H. Ir. Yuwoono Sri Suwito MM ( budayawan), 2. Alm. Mg. Ida Manu Tranggana ( seni tari / koreografer), 3. Dirjo Wiyono aliyas Dirjo Tambur ( seniman kethoprak), 4. Amat Jaelani (dalang wayang golek), lan 5. Suyudi Sutarjo. Amd. ( kesenian religius Ba-dui).Penghargaan seni kanthi landhesan serat kekancingan (SK) Gubernur DIY nomer 192/KEP/2007 iku kacaosake marang para seniman lan budayawan sawise kapilih dening tim penyeleksi kang pinitaya nindakake jejibahan kasebut.

Wondene seleksi katindakake sawise tim kang kajibah nampa usulan calon penerima saka kabupaten lan kota se DIY kang gunggunge ana 16. Ana sawetara paugeran utawa criteria kanggo milih lan nemtokake calon penerima penghargaan seni antarane yaiku seniman apa dene budayawan kang ora kendat anggone tansah mbudidaya, nyipta, amrih lestari lan ngrembakane seni budaya ing DIY. Darbe prestasi ing jagading kesenian lan kabudayan ing babagan nyipta, ngasilake, apadene kupiya amrih lestarining kagunan seni lan kabudayan. Lan isih ana maneh paugeran liyane.

Adicara caos penghargaan seni iku uga kapahargyan mawa pagelaran kanga ran kolaborasi seni tari lan pedalangan kanthi irah-irahan “Jagal Abilowo”, kang dipandhegani dening Drs. Sukisna minangka sutradara.Wosing crita ngandharake lelakon lara lapane para Pandhawa anggone nggayuh kamulyan. Sakabehing pepalang apadene bebaya dilakoni kanthi sabar lan tawakal marang kersaning Gusti Kang Murbeng Dumadi. Kabeh mau kagambaake kadidene lelakone jagal Aboilowo, sawijining titah kang “tan kendhih ing pangarih-arih, tan mundur ing geguntur, tan mendha ing bebaya.” Lelabuhane Jagal Abilowo kang sepi ing pamrih lan rame ing gawe iku mula pantes yen pikantuk ganjaran minangka tandha pakurmatan saka raja ing Matswapati. Mbok menawa babagan iki ana empere karo kang dumadi jroning adicara caos penghargaan seni katur para seniman lan budayawan iki.

Penghargaan seni tumrap para seniman sarta budayawan kang kawawas gedhe labuh labete ing babagan seni lan kabudayan mau, kena diarani meh saben taun diadani dening pamarentah. Yen kapetung wis diadani kaping 23, dene seniman lan budayawan kang tampa tandha pakurmatan mau gunggunge ana 229. Beda karo taun-taun kepungkur, taun 2007 iki pamarentah Provinsi DIY mung bisa caos  tanda penghargaan cacah lima, wondene wujude plakaet, piagam kang mawa pigura, sarta dana kang siji-sijine pengaji patang yuta rupiyah.

(Kabesut saking: Sempulur No.22/ XII/2007)

Gladhen

Waosan ing nginggil karingkesa kanthi ngginakaken basa Jawi krama, salajengipun kawaosa ing sangajengipun kelas!

II. MICARA

  1. A. Ancer-ancer
1. Siswa kaangkah ningali utawi ndherek aktif ing kegiyatan seni tradhisional ingkang sampun nate kawontenaken ing sekolahipun piyambak, sekolah sanesipun, ing masyarakat utawi sesarengan ningali rekaman pentas kesenian tradhisional kadosta klenengan utawi karawitan, ringgit purwa, kethoprak, dhagelan tradhisional, tari-tarian tradhisional, lan sapiturutipun.
2. Siswa dipunkelompokaken, saben kelompok lare sekawan menapa gangsal. Saben kelompok damel cengkorongan apresiasi kegiatan seni tradhisional ingkang sampun dipuntingali. Salajengipun, saben siswa majeng ngandharaken apresiasinipun adhedhasar cengkorongan ingkang sampun kadamel.
3. Tuladha cengkorongan apresiasi bab wayang / ringgit tiyang.

Cengkorongan

Asiling Apresiasi

a. Menapa ingkang dipunsebat ringgit tiyang? Menapa bedanipun kaliyan kethoprak, jathilan? ……………………………………………………………

…………………………………………………………

b.Kenging menapa ing masyarakat dipun-adani pentas ringgit tiyang? …………………………………………………………

…………………………………………………………

c. Sinten kemawon paraganipun? Sampun sae menapa dereng anggenipun dados rol? …………………………………………………………

…………………………………………………………

d. Menapa lakonipun sae menapa boten? Menawi sae menapa saenipun? Menawi kirang sae, kenging menapa sebabipun? …………………………………………………………

…………………………………………………………

e. Piwulang sae menapa kemawon ingkang kamot ing lakon ringgit tiyang kala wau? …………………………………………………………

…………………………………………………………

4. Tuladha asil apresiasi bab Upacara Tradhisi Suran Mbah Demang ing Gamping, Sleman.

Upacara Tradhisi Suran Mbah Demang ing Gamping, Sleman

Upacara tradhisi ing wewengkon Kabupaten Sleman, DIY.  Ingkang kelebet aset wisata kathah sanget sajoning setaun. Salah satunggalipun inggih menika Upacara Tradhisi Suran Mbah Demang ingkang mapan ing dhusun Modinan, Banyuraden, Gamping, Sleman. Upacara adat ingkang sampun lumampah atusan taun menika, kasunyatanipun taksih tetep narik kawigatosanipun para sanak kadang saking tlatah pundi kemawon.

Wiwit sonten, wonten sangajengipun dalemipun Mbah Demang sampun kebak tiyang cacah ewon ingkang sami rebat ngajeng saperlu nampi dum-duman kendhi ijo ingkang isinipun sekul gurih mawi lawuhipun ingkang awujud ketan tholo lan gudhangan ingang dipunwungkus ngangge ron pisang.

Saparipurna adicara dum-duman kendhi ijo lajeng dipunadani kirab pusaka saking dalemipun Mbah Juru Permana swargi ( rumiyin minangka abdi dalem saking Kraton Ngayogyakarta ) dhateng dalemipun Mbah Demang Cokrodikromo ing dhusun Modinan. Barisan kirab pusaka dumadi saking barisan cucuk lampah, sesepuh trah, gambaripun Mbah Demang lan Mbah Juru Permana, Jodhang sesaji, gunungan, kendhi ijo, sabregada prajurit padhepokan patran lan kagunan slawatan.

Saparipurna acara kirab, lajeng dipunadani srah-srahan gambaripun Mbah Demang lan Mbah Juru Permana, lajeng  acara nyiprati toya suci, kalajengaken nglepasaken peksi dara. Wonten ing pucuking adicara slawatan, dipunwaosaken donga, lajeng acara siraman ‘trah’ kademangan Modinan kanthi ngangge toya suci ingkang kapendhet saking sumur Mbah Demang. Sasampunipun siraman trah rampung, lajeng gantosan para pengunjung sami rebat biyada saperlu badhe pados toya suci amargi kepengin pikantuk katentreman ing panggesanganipun lan katentreman ing kaluwarganipun.

(Kabesut saking: Panjebar Semangat. No. 14/ 2003. Kanthi ewah-ewahan sawetawis).

B. Gladhen.

Para siswa kadhawuhan ngandharaken apresiasi bab kesenian tradhisional sanesipun ingkang sampun nate dipuntingali utawi dipuntindakaken. Kados ta: nari ( beksan ), nembang ( nyekar), maos geguritan, maos cerkak, ringgit, kethoprak, lan sanesipun!

III. MAOS

Salah satunggal siswa maos, dene sanesipun nyemak!

Teater 10 SMA Negeri 8 Ngayogyakarta

Budaya Jawa Dudu Budaya Kuna

Akeh cara kanggo menehi tuladha marang siswa. Kajaba siswa nampa wulangan ing kelas uga kanthi cara menehi kegiayan kang migunani kanggo mekarake kapinterane. Salah sijining kegiatan kanggo ngrengsengngake bocah marang donyaning seni kanthi gladhi teater. Kanthi teater para siswa bakal nduweni wadhah kanggo ngatonake kapinteran babagan seni lan uga bakal ndadekake rumakete pasrawungan. Kanthi gawe crita-crita kang digelarake ing teater bisa nepungake siswa marang kabudayan Jawa. Budaya jawa nduweni maneka warna crita rakyat wujud crita kethoprak, wayang kepara malah crita kang nuduhake uriping manungsa saben dina. Ndadekake bocah seneng marang budaya Jawa iku ora gampang, kepara malah tinemu bab-bab kang njalari ati sabar. Luwih-luwih marang bocah saiki kang saperangan wis duwe anggepan menawa budaya Jawa iku kuna. Katambah maneh akehing budaya kang lumebu ana ing nuswantara. Nanging kabeh mau mbutuhake pangurbanan lan kawigaten bebarengan. Kalebu ing sekolah minangka papan kanggo menehake pangerten ilmu lan budaya marang bocah.

Adhedhasar iku, mula SMAN 8 Ngayogyakarta duwe krenteg amrih bocah-bocah bisa nresnani budaya jawa. Mula banjur ndhapuk sawijining kegiatan kang disebut Teater 10 kanthi ngangkat crita-crita rakyat, ing tanah Jawa. Gladhen diadani dina senen lan kemis minangka sarana kanggo nggladhi bocah, amrih sawayah-wayah dibutuhake bisa digelarake mligine yen ana adicara mirunggan. Nggladhi olah swara, iringan gamelan, wicara lan pagelaran seni minangka perangan kang dilakoni dening paraga teater. Pelatihe dumadi saka alumni siswa sekolah kasebut. Kanthi sesanti “ ora ana dina tanpa ananing pagelaran”, mula padha nyrempeng anggone gladhen. Pagelaran kang nate ditindakake kejaba mapan ing sekolah uga ing Benteng Vredhebrug, klebu nalika adicara pameran Delayota Art. Malah uga diboyong pagelaran ana ing adicara Sekaten kraton Ngayogyakarta.

Saben pagelaran kanthi ngangkat crita rakyat ing tanah Jawa, semono uga busanane nuduhake menawa crita kang lumaku dumadi ing tanah Jawa. Sekolah duwe panjangka kejaba bisa nggulawentah kemampuan kompetensi bocah, ora mung babagan ilmu lan teknologi nanging uga ing babagan seni lan budaya.

Salah siji conto nalika Teater 10 nggelarake lakon “Damarwulan poligami”, critane pancen ora kaya crita pakeme Damarwulan lan Minak Jinggo sanyatane nanging wis diowahi miturut mekare jaman. Kabeh mau ngelingi para penonton kang saperangan generasi mudha, mula critane uga ditrepake karo kahanan panguripan wektu iki. Kang wigati bakuning crita nduweni piwulang kang bisa dipethik kanggo kaca benggala urip ing alam donya. Kang gawe bungah, bocah-bocah gelem  busana Jawa. Saka iket, jarit, blangkon, keis lan sapiturute kang ditindakake kanthi prcaya diri. Semana uga gamelan kang kanggo ngiringi kejaba gamelan modern, uga nganggo gamelan jawa. Crita liyane kang wis tau digelarake yaiku “ Ruwatan Tambak Kaligawe, Srikandhi Mataam, Anoman Obong, Suminten Edan” lan sapanunggalane.

Crita kang digelarake nduweni pesen wigati yaiku supaya penonton bisa mbedakake tumindak bener lan luput kanthi digambarake tokoh Damarwulan, akng duwe watak becik lan Minak Jinggo kang angkara Murka. Kabeh mau minangka patuladhan marang bocah-bocah sekolah supaya bisa nepakake tumindake kanthi tetimbangan empan-papan.

Dian Romadhoni, salah sijining paraga Teater 10 kang kajibah nabuh kendhang, rumangsa mongkog lan bungah amarga sekolah nduweni kawigaten gedhe tumrap generasi mudha anggone mekarake seni lan budaya jawa.

(Kabesut saking: Sempulur No.22/ XII/2007 kaserat dening       Sumarjiono, S.Pd. Guru SMA N 8 Yogyakarta)

B. Negesi Tembung

Tembung-tembung ing ngandhap menika kapadosana tegesipun!

1. nggrengsengake         :

2. nepungake       :

3. krenteg              :

4. mligine              :

5. mirunggan        :

6. sesanti              :

7. kaca benggala :

8. wigati                 :

9. kejibah              :

10. patuladhan    :

C. Gladhen

Kawangsulana pitakenan-pitakenan ing ngandhap menika mawi basa jawi krama!

  1. Kadospundi miturut pamanggihipun para siswa ngengingi Teater 10 ?
  2. Kadospundi menggah ing sekolahipun para siswa, menapa inggih wonten kegiatan ngengingi seni tradhisinipun?
  3. Menapa ancasipun dipundhapuk Teater 10 ing SMA N 8 Ngayogyakarta?
  4. Cobi kaandharna kenging menapa Dian Romadhoni rumaos mongkog lan bungah?

5.   Kaandharna pamanggihipun para siswa ngengingi kegiatan seni tradhisi ingkang dipunlebetaken minangka kegiatan ekstra kurikuler ing sekolah-sekolah?

IV. NYERAT

A. Sinopsis

Cobi kawaosa cariyos ringgit ing kalawarti ( majalah), buku kempalan cariyos ringgit utawi ariwarti ( Koran). Sasampunipun kawaos lajeng karingkes saha dipunpadosi budi pekerti ingkang wonten ing cariyos wau!

B. Karangan

Ngandharaken pamanggih saged maneka warni caranipun ing antawisipun kanthi wujud karangan. Kanthi karangan, pamanggih utawi gagasan kasebut sage dipun mangertosi utawi dipunwaos tiyang sanes.

Wujudipun karangan:

1. Argumentasi ( minangka satunggal pamanggih adhedhasar lelandhesan utawi paugeran ingkang gumathok, supados tiyang pitados dhateng pamanggih kasebet).

2. Deskripsi ( ingkang dipuncariyosaken  adhedhasar menapa ingkang dipuntingali saha dipunmirengken).

3. Eksposisi ( karangan menika adhedhasar pamanggihipun tiyang ingkang ngripta / ngarang).

4. Narasi (adhedhasar imajinasi / daya khayal, saged wujud prastawa ingkang dumados).

Ingkang kedah dipuntindakaken nalika damel karangan  antawisipun:

1. Damel irah-irahan ( judhul)

Judhul cekak nanging saged narik kawigatosan ingkang maos.

2. Saget damel cengkorongan ( kerangka karangan)

Kanthi ancas karangan saged runtut, supados ingkang maos boten bingung.

3. Basanipun ingkang sae (saged ngoko/krama).

4. Milih tembung ingkang mentes.

5.Ing pungkasaning karangan wonten dudutan (kesimpulan), pamrayogi ( saran / usulan),   umpaminipun pamanggih kangge lestantunipun seni tradhisional mliginipun tumrap para mudha.

6. Antawisipun tema, judhul saha isi wonten gegayutanipun.

Tugas:

Kadamelna karangan bab seni tradhisional ingkang dipunmangertosi siswa, upaminipun wayang ( ringgit), kethoprak, jathilan, lsp! Wujudipun karangan para siswa saged milih kaetrepaken kaliyan pilihan para siswa piyambak, basanipun baku, miturut ejaan basa Jawa ingkang leres saha migunakaken unggah-ungguh basa ingkang sae.

Follow

Get every new post delivered to your Inbox.

%d bloggers like this: