B. WULANGAN 2

WULANGAN 2

Mata Pelajaran        : Bahasa Jawa

Kelas/ Semester     : X/ Ganjil

I. NYEMAK

A. Nyemak Geguritan

Salah satunggal siswa maos geguritan  menika kanthi lagu ingkang sae, lajeng siswa sanesipun mirengaken!

SUDRA SEMPALI

Anggitane: Yuana Agus. D

Delengen……………

Bocah cilik ngemba wastra maya

jumangkah nututi sireping wengi

hangalumpruk pindha kapuk surya wadana

Nyaketi sikil-sikil rodha

ngganda kebul-kebul knalpot

ngungak setang-setang bunder

nglambrang jasad pinggiring gama

Den………..nyuwun kawelasan

Kangge  ngudi sawiji

upa

nyambung oncating

nyawa

kareben cetha mawas padhanging

hawa

Kula menika sudra sempali Den………….

mboten gadhah bulu bekti

kangge mbangun negari

nanging…………….

mangke samangsa ngentosi pangasihe Gusti

lumantar welas asih sapadha-padha

kanthi kridha lumahing asta

kula badhe nagih janji ???????

B. Negesi Tembung

Menapa tegesipun tembung menika?

1. ngemba                    :

2. wastra maya            :

3. hangalumpruk         :

4. pindha                     :

5. kapuk surya wadana:

6. nglambrang             :

7. gama                        :

8. sudra sempali          :

9. bulu bekti                :

10. kridha                    :

C. Dasanama

Menapa dasanamaning tembung menika? Kasebatna 3 saben tembungipun!

1. bocah           :

2. pindha         :

3. surya            :

4. jasad            :

5. janji             :

D. Mangsuli Pitaken

Wangsulana pitakenan ing ngandhap menika migunakaken basa krama ingkang sae !

1. Menapa ingkang dipunwastani “sudra sempali” menika ?

2. Menapa sebabipun “bocah cilik ngemba wastra maya” ?

3. Ingkang kedah dipuntindakaken tiyang gesang ?

4. Cobi kaandharna (jelaskan) menapa ingkang dipunkajengaken “ kula badhe nagih janji” ?

5. Cobi kacariyosna kanthi ringkes wosing geguritan ingkang kapacak ing nginggil ngangge basa karma !

E. Budi Pekerti.

Geguritan kanthi irah-irahan “sudra sempali “ menika kaserata inti sarinipun (3 kemawon) ingkang ngemot budi pekerti!

F. Gancaran

Geguritan ing nginggil kadamela basa gancaran ngginakaken basa krama!

II. MAOS

  1. A. Waosan

Kawaosa geguritan-geguritan  ing ngandhap menika!

Butuh Kawicaksanan

Dening: R. Bambang Nursinggih

Siswa bebasan dluwang memplak

tanpa sunggingan

abang birune gumantung pamulase sang dwija

siswa butuh kawicaksanan

ora mung owah-owahan

Dhedhel pintere

uga gumantung wasise guru aweh wawasan

siswa butuh kapitayan mekarake dhiri

ing jagade sesrawungan

nadyan ora pati wegig

waton bisa mandhiri iku gawe bungah

siswa ora butuh kae-kae

utamane ya mung tuladha

Amrih rahayu,

siswa aja den uja warah-wuruk kang “nglegena”

nanging isenana “bibite lenga tala”

amrih kuwawa nrabas krodhane “mangsa kala”

yayah-rena tan kuciwa nampa undhuh-undhuhane

guru mongkok lan lega

negara mundhak kuncara jembar kumandhange

PIWELINGE IBU

Anggitane: Drs. Wahyu ST

Ngger, diati-ati aja seneng nyenyandhung

arum endah kembang bakung

kesrimpung slendang

kesandhung gelung

kagubel kalung

Ngger, aku tansah ndonga lan ngidung

supaya kacekel anggonmu mbujung

aku tansah eling piwelinge ibu

nalika aku arep budhal sinau

Ngger, urip mono awujud laku

ombyaking donya aja kapaelu

aja kapilut gebyaring lampu

kang kairing jejogedan lan gumuyu

Ngger, urip kang prasaja

aja mung mburu barang donya

ditansah eling lan waspada

swarga ora dumunung ing kedheping netra

tansaha dedonga marang kang maha kwasa

Matur nuwun ibu

pangandikamu rumasuk ing balung sumsumku

pindha latu mangalad-alad jroning kalbu

saengga paiting bratawali ora tau keprungu

aku setya  tuhu marang piwelingmu

kang putra tansah nyuwun pangestu.

CANDHALA

Anggitane: R. Bambang Nursinggih

Sato kewan wae bisa diajak memitran

ya gene, manungsa kang kawentar jalma kinacek lan minulya

buntas ing kawruh agama, dhemen sesorah laku utama

nalisir kang dadi pakartine, ngungkuli sipate jajalanat

pepet pikire, krenteg kang njemberi, nistha nggubel nala

Tindak culika nuruti ubaling nepsu candhala

ati panas den uja ngobar rasa tresna ing sasana

kamitegan munasike sumitra

amung marga rasa ewa mulad nglagar jiwa

ora ngrewes lamun kang cinidra tuna lan cilaka

gumuyu ngakak bisa nglepasake wisuna

ora mikir lamun panasten butarepan ngaosake dhiri.

Trekah degsura kudu den peper

amrih ora ngambra-ambra nyakrabawa ndhedher kapitunan

kang tundhone nyempal gegayuhan mulya

nyebar pitenah, karem luru alem

nggege mangsa mring anggala

tan idhep isin nyaplok kanca

karana asor kawentar lan manjila

Among kanggo nguka AMBISI priyangga

kuwatir lamun ora oleh kursi kang pekoleh

jalma nistha kang pangawak manungsa adaan

ngalor ngidul ngumbar swara pamrihe adol welas

dadi sastru munggwing cangklakan tumrap kadang

ora kuwatir, apa maneh wedi sikudhendha bakal tumiba

Becik den dohi jalma mbebayani

kang atetopeng satriya awatak jaksa

jalaran minangka VIRUS ngrusak pranatane sesrawungan

mahanani gerah lan congkrahe kahanan kang wis lawas ayem tentrem

Lelakon kang wis kadung nemahi

bisaa minangka tepa palupi

mimbuhi kawaspanan tumrap kang ketaman

nadyan jiwane rojah-rajeh

uripe ing keplantrang-plantrang

mugya dadi tirakate

Mitra kang disrawungi supaya luwih dene den ngati-ati

amrih tajem ing semu lan mulad ing kahanan

uga den luwihi anggone sumungkem ing padane Pangeran

amrih adoh saka tindak candhala

mulya ing donya akherate.

( Kabesut saking: Citra Basa 2, kaca 37-38)

Aja Kuwatir Pahlawanku

Angitane: R. Bambang Nursinggih

Ocehe dhandhang manitir nguntabake bandhosa

Mrambat lon-lonan lumaku tumuju girilaya

Kairing swasana tintrim lan wingit ngayut jiwa

Swara sesenggukan ndudut rasa, saya agawe nelangsa

Bandhosa kang lagi mondhong layon

Ora perduli apa kang mentas kelakon

Panggah tetep siaga ngenteni urut-urutane lakon

Nadyan ana udan gludhug ora dipaelu tetep kukuh santosa

Kang wigati jejibahane mbopong layone kusumayuda

Tekan pucuk punthuke sasanalaya ora gawe kuciwa

Aruming kukus ratus ngambar sumebar kumelun ngekuwung mendhuwur

Kumlebete kembang setaman kacampur sadana minangka sawur

Kairing swara kidung mbrengengeng lamat-lamat mangungkung

Mimbuhi rasa sungkawa kang jero tumrap kang lagi suwung

Sumitra lan sedulur samya manekung santi puja

Muji lelabuhane pupus puspa kang kapagut ing rananggana

Katrima minangka amal baktine Ing Ngarsa Dalem Allah Ta’ala

Uga marang kang kapegatan, kaparingan kekuwatan iman ora ngglewang

“Aja kuwatir pahlawanku” arep dak terusake gegayuhanmu

Dak sembadani nganti penjajah oncat saka pangkoning ibu

Uga mberat reretu kang ngaru biru warisan kang wiwit semrawut

Najan bakal lampus dadi wadal nusul sliramu kapundhut ngayun.

( Nursinggih, 2005 )

LAKU UTAMA

Anggitane: Wisnu Wardhana

Lakuning urip para satriya

laku yeku tata cara

tata mamrih tumatane jagad

cara murih gangsaring panindak

tumuju mring karahayon

ayuning tri buwana

lestarining kamulyan jati.

Urip teges makarti

kanthi pakarti kang pekoleh

lelambaran budi luhur

kalakon lumaku mulus

rawe-rawe rantas malang-malang putung

sagung pepalang ing marga

satriya hambengkas karya

nora mindhon gaweni

Satriya rembesing madu

solah bawa manis titis

tedhaking amara tapa

suci nora kaworan rereged

turasing andana warih

sung pepadhang myang pamudharan

Laku utama nora biyen saiki

lakuning jalma linuwih

kaluwihan tapa brata

kalebu ing jagad rame

ing ngendi ana, ana perbawa

sunaring kabecikan

aruming kaendahan

tumanduk samaning gesang

rumesep ing balung sungsum

resep idhep-idhep mantep.

  1. B. Gladhen

Para siswa kapantha-pantha dados klompok alit, saben klompok kalih dumugi tiga siswa. Saking geguritan kanthi irah-irahan ” Butuh Kawicaksanan” saha “Candhala” ing nginggil, para siswa kasumanggakaken milih salah setunggal geguritan mawon, lajeng karembag ngengigi:

  1. Wosing geguritan ingkang kapacak ing nginggil migunakaken basa Jawi krama.
  2. Kaserata inti sarinipun geguritan ingkang ngemot piwulang budi pekerti!
  3. Pamanggihipun para siswa ngengingi isinipun geguritan menika?

Menawi  sampun rampung pirembaganipun, sumangga siswa minangka wakil ing saben klompokipun maos asil pirembaganipun ing sangajengipun kelas.

III.  NYERAT

A. Nyerat Geguritan

Nyerat geguritan menika gampil, kados dene nganggit puisi Indonesia. Paugeranipun nyerat boten wonten ingkang gumathok. Bakunipun saged nata tembung saha pada kanthi sae. Dene sawetawis paugeranipun mekaten:

1. Geguritan menika kalebet puisi Jawi kina.

2. Tembung-tembungipun boten kedah ngangge basa Jawi kina.

3. Saben setunggal irah-irahan saged dumadi saking setunggal pada utawi langkung. Ingkang baku maknanipun manunggal utawi kempel.

4. Amrih endah dipunwuwuhi purwakanthi sacekapipun.

( Kabesut saking: Yogya Basa jilid1 kaca 13)

B. Gladhen

Kadamela geguritan kanthi paugeran ringkes mekaten:

1. Topikipun saged menapa kemawon.

2. Pamilihing tembung ingkang endah ( rinengga purwakanthi ).

3. Menawi geguritan sampun dados, dipunserat ugi intisari budi pekerti ingkang  wonten ing geguritan menika.

IV. MICARA

Geguritan ingkang sampun kadamel ing nginggil, cobi samenika dipunpraktekaken kanthi cara dipunwaos ing sangajengipun kelas ugi dipunwaos intisari budi pekerti saking geguritan ingkang sampun kadamel. Wondene siswa sanesipun suka panyaruwe adhedhasar 4 W ( wicara, wirama, wirasa saha wiraga ).

Tuladha:

No.

Nama Siswa

Wicara

Wirama

Wirasa

Wiraga

Jumlah

1. Suwanti

70

70

65

75

280

2. Tri Wahyuni

60

65

65

70

260

3. Lsp.
Follow

Get every new post delivered to your Inbox.

%d bloggers like this: