K. WULANGAN 10

WULANGAN 10

Mata Pelajaran  : Bahasa Jawa

Kelas/ Semester     : X/ Genap

I. NYEMAK

A. Waosan

Salah satunggal siswa maos, dene sanesipun nyemak!

Ing ngandhap menika badhe kaaturaken Tata Upacara Ningkah Adat Jawa Gagrag Ngayogyakarta.

TATA UPACARA NINGKAH

ADAT JAWA GAGRAG NGAYOGYAKARTA

1. LAMARAN

Lamaran asring dipunsebat ” ngebun-ebun enjang anjejawah sonten” ateges nglamaraken wanita pepujanipun.

Ingkang dipunrembag:

a. Ingkang nglamar:

* Tiyang sepuh ngresaya ( percaya ) kelawarga ingkang cinaket.

* Putra lan kulawarga kakung boten ndherek, awit kangge ngawekani bokbilih lamaran menika dipunduwa ( ditolak) satemah boten lingsem.

b.  Ingkang kalamar: kekasihipun putra kakung.

c. Dinten, tanggal, wanci panglamar rawuh sarta priyantun pinten ingkang badhe rawuh, supados:

* Panglamar boten kacelik

* Ingkang kagungan dalem saged samekta ubarampe sacekapipun.

* Tiyang sepuh saged nyicil rembagan kaliyan putrinipun lan kulawarga amrih tembenipun saged atur wangsulan ingkang gumathok dhumateng panglamar.

d. Tumindakipun lamaran:

* Katindakaken kanthi prasaja

* Pepanggihna kulawarga putra kakung lan putri katambah para pinisepuh.

* Tamu panglamar pangandikanipun winates kanthi sedya ingkang cetha.

* Mahyakaken menapa ingkang dados wigatosing lampah.

* Atur wangsulan kanthi cara sinamun supados: boten saling surup lan kangge ngurmati para tamu.

2. UPACARA PASRAH SANGGAN LAN PANINGSET

Sasampunipun tata cara lamaran katindakaken, dipunlajengaken upacara pasrah sanggan lan paningset ing dinten, tanggal saha wanci ingkang sampun katemtokaken. Wondene ubarampe pasrah sanggan lan paningset antawisipun:

a.  Kalpika ( ali-ali)

Ancas: tresnanipun ingkang badhe gesang tembayatan boten wonten telasipun; tresna saking wiwitan dumugi pungkasan; tresna saking donya dumugi delahan.

b. Ageman putri sapengadeg

Tuladha: kebaya, nyamping, selop, kendhit, Lsp.

Ancas: Putra kakung badhe nyekapi sedaya kabetahaning garwa; nutupi sedaya wewados garwa; ngemuli lair lan batosipun.

c. Rerenggan pelik-pelik

Tuladha: Gelang, kalung, suweng.

Ancas: Kakung tansah ngudi sumoroting garwa.

d. Jadah, lemper, wajik, lsp.

Ancas: Menawi sampun pepacangan boten wanton ingkang kumawani misahaken kejawi oncating nyawa saking raga.

e. Woh-wohan (buah)

Ancas: Mugi tresnanipun saged mujudaken woh ingkang sejati tumuju ing ancas ingkang sinedya nun inggih palakrama.

f. Suruh ayu

Ancas: Suruh pindha lumah lawan kurepe, nadyan mijil jalu tanapi wanita menawi sampun manunggal ing cipta, rasa lan karsa; kekalihipun saged saeka praya ing sedya lan saeka kapti ing pakarti.

g. Pisang raja

Ancas: Amrih kakung lan putri tumindakipun pinindha raja ingkang sarwa-sarwi tanggel jawab.

h. Cengkir gadhing

Ancas: Tresnanipun jalwestri linambaran tresna ingkang suci

i. Arta / buwuh

Ancas: kangge imbuh-imbuh

j. Urip- urip ( ayam )

Ancas: Ingkang badhe jejodhoan sageda tanggel jawab dhumateng brayatipun.

3. RERANGKENING UPACARA NINGKAH

a. Upacara Tarub

*  Tarub / tratak ingkang ateges emper wisma ingkang dipunpacak kangge pahargyan.

* Tarub ‘ taqarub’ ateges tansah manembah dhumateng Gusti Allah utawi tansah pasrah dhumateng Allah.

* Tarub ( miterat tiyang Jawi ) ateges: dipuntata supados murub / nata urub.

Nata urub tegesipun: saged njagi emosi, manten saged nata gesangipun,. Ubaling asmara  kedah dipuntata supados saged tuwuh turun ingkang sae.

* Tarub kadamel saking nam-naman blarak ingkang dipunsebat bleketepe.

Bleketepe ngemu teges:

• Menawi calon manten sampun bebrayan, mangke kedah sampun uwal/ pisah saking sangganipun tiyang sepuh.

•  Calon manten kedahipun saged madeg piyambak kangge mranata bale wismanipun.

• Boten ngempal nyawiji malih kaliyan tiyang sepuhipun sanajan griyanipun awon saking gedheg pring lan blarak.

* Tuwuhan ing upacara tarub.

Ancas: Temanten benjang saged nuwuhaken gesang bebrayan ingkang utami, mulya.

Tuladha:

♣ Setandhan pisang raja

Ancas: tiyang dados manten menika pinindha raja ingkang sarwi tanggel jawab; supados enggal pikantuk turunan.

♣ Cengkir gadhing

Ancas: ngawontenaken pawiwahan kanthi kencenging pikir; tresnanipun linambaran tresna ingkang suci.

♣ Tebu wulung sagodhonge

Ancas: pamilihing jodho kinantenan anteping kalbu sinartan teguh ing iman.

♣ Godhog kluwih

Ancas: mugi tansah pikantuk rejeki ingkang linuwih

♣ Godhong alang-alang

Ancas: mugi adicara mantu tansah wilujeng, mekaten ugi gesangipun calon penganten benjang.

♣ Godhong apa-apa

Ancas: Mugi anggenipun mantu boten wonten apa-apa kalis saking sedaya pepalang, tansah manggih karaharjan ngantos paripurnaning gati.

♣ Pari Sawuli

Ancas: Gesangipun kados pari, sangsaya isi sangsaya tumungkul ( temen, jujur, andhap asor lan adil).

♣ Sekar lan wohing kapas

Ancas: Calon penganten benjang  kacekapan ing sandhang miwah pangan.

♣ Pengaron isi kembang setaman

Ancas: Mugi gesangipun tansah manggih ing raos suka sumringah.

♣ Janur

Janur ateges: yen nedya golek nur, kudu kanthi laku eling.

Ancas: Mugi gesangipun tansah pikantuk pitedah sarta wewarah saking Gusti.

b. Nyantri.

Ancas: ngawekani menawi calon penganten kakung boten dugi; kangge rancag / lancaripun tumindakipun upacara ingkang tundhanipun boten nuwuhaken reribet kulawarga calon penganten putri.

c. Upacara Siraman

Upacara siraman katindakaken saderengipun upacara akad ningkah utawi sadinten saderengipun panggih.

Ancas: ngresiki badan supados dados resik lair lan batosipun.

Upacara siraman katindakaken ing wanci enjang / sing udakara jam 10.00 dumugi 11.00 utawi sonten jam 15.00 dumugi 16.00.

Ubarampe siraman:

  • Toya & sekar mawar, kenanga lan kanthil
  • Tikar, ron apa-apa kawungkus mori
  • Dhingklik kangge lenggah calon penganten
  • Krambil cacah 2 ingkang dipuntangsul ( ditali) dados setunggal ngangge sepetipun

Ancas: sakloron tansah atut runtut lan tetep sandhingn sumandhing dumugi kaken lan ninen

Tumindakipun upacara siraman:

  • Katindakaken ing griyanipun piyambak-piyambak.
    • CPP/ CPK nyuwun donga pangestu dhateng Rama – ibu saperlu sesuci anggenipun badhe miwiti gesang bebrayan.
    • CPP /CPK lenggah ing tikar pandhan / papan siraman.
      • Wiwit siraman, ingkang miwiti tiyangn sepuhipun CPP/CPK, para pinisepuh lan dipunpungkasi juru paes.

d. Upacara Ngerik.

Upacara Ngerikmenika kangge CPP.

Ancas: Ngicali watak mbocahi; calon manten nyektos resik lair lan batosipun lan praupanipun katingal sumunar mawi cahya; pituturipun juru paes ngengingi caranipun ngladosi garwa lan setya dhateng garwa.

Nalika tumindaking pangerikan, CPP ngangge jarik bathik sidomukti, sidaasih utawi semen rama.

Menawi ngerik sampun rampung dipun lajengaken damel cengkorongan paesan.

Paes nggadhahi ancas: Pambudi daya gawe ayuning manten; mbucal tumindak awon satemah dados tiyang ingkang sae lan diwasa.

Cirinipun manten putri cara Jawi ingkang dados punjeripun inggih menika macak bathuk ( palarapan); antawisipun:

1. Penunggul;

2. Pengapit;

3. Penitis;

4. Godheg;

5. Cithak.

Kateranganipun:

1. Penunggul

Ancas:

• Manten dipungadhang dados manungsa sampurna ingkang ngluhuraken ajining moral lan tatanan sosial.

  • Kakung njunjung hak-hakipun putrid, tresna lan setya dhateng sisihanipun
  • Putri njagi aruming kakung.
  • Nyaosi greget ingkanng dados jejibahanipun kakung.
  • Putri mulang muruk larenipun kanthi sae.
  • Minangka wanita nggadhahi watak ingkang lembah manah lan tumingkul.

2. Pengapit

Ancas:

  • Mugi-mugi saged nuntun jejodhoan, tansah setya tuhu lan ngelingaken.
  • Sami-sami tansah asah, asih lan asuh
  • Tansah eling lan waspada sajroning mangun bale wisma.

3. Penitis

Ancas: Anggenipun bebrayan tansah tumindak duga prayoga lan wicaksana, supados bale wismanipun saged tentrem, bagya mulya lair dumugi batos.

4. Godheg

Ancas:

  • Manungsa kedah eling dhateng asal-usulipun.
    • Ampun ngantos gadhah watak adigang ( pamer kekuwatan), adigung ( pamer kaluhuran) lan adiguna ( pamer kapinteran).

5. Cithak

Ancas: Supados tuju tenung, sihir ingkang ngener bathuk saged dipuntulak dening cithak menika.

e. Upacara Midodareni

Tumindakipun upacara midodareni menika limrah dipunadani wonten ing griya CPP. CPP wiwit jam 6 sonten dumugi tengahing dalu, kinten-kinten jam 12 dalu kedah tetep wonten kamar manten lan boten kenging medal saking kamar, sarta dipunkancani para pinisepuh. Ing upacara midodareni menika, ing tembenipun dipungadhang supados Dewi Nawang Wulan tumurun ing bumi lajeng rumasuk ing raganipun CPP.

Ancas: Supados CPP kados widodari.

Upacara midodareni minangka sarana panebusing kembar mayang. Kembar mayang ingkang sampun katebus tumurun dados sarana palakrama ( nikah ) temanen kekalih.

Ancasipun kembar mayang:

  • Kembaripun temanten kekalih.
    • Kembar sih lan tresnanipun.
    • Kembar cipta, rasa lan karsanipun.
    • Sarana tulak balak amrih lampahing tata cara penganten Jawi rahayu, slamet, kali sing sambikala

Kembar Mayang wonten 2 inggih menika: Kalpataru lan Dewadaru ( wit pagesangan utawi wit kelanggengan )

f. Upacara Ijab.

Ancas: Calon temanten sampun sah dados laki rabi, miterat kukum agama menapa dene kukum Negara.

g. Upacara Panggih

Rerangkenipun Upacara Panggih:

1. Srah-srahan sanggan

Dumadi saking: pisang raja setangkep, suruh ayu, kembang telon, lan lawe. Sanggan menika dipunpasrahaken dhateng ingkang kagungan kersa mantu saderengipun penganten priya rawuh.

2. Kembar mayang

Kembar mayang dipunsamektakaken dening ibu-ibu cacah kalih. Lajeng manten putri medhal saking kamar manten tumuju ing sasana wiwaha saperlu angrantu rawuhipun temanten kakung. Temanten kakung sampun rawuh lajeng jumeneng wonten ing ngajeng tarub, manten putri lajeng mapag rawuhipun manten kakung. Sasampunipun sampun dugi ngajeng tarub lan manten putri sampun jejer kaliyan manten kakung lajeng dipunsempyok ngangge kembar mayang. Lajeng kembar mayang dipunbucal ing mergi prapatan sacelak papan menika.

3. Balangan Gantal ( suruh cacah 7)

* Gantal saking temanten putri  kawastanan Gondhang kasih. Ing pangajab risang temanten  putri tansaha kagungan raos tresna lan asih dhateng kakung.

* Gantal saking temanten kakung kawastanan Gondhang tutur. Ing pangajab risang penganten kakung  sageda minangka guru lakinipun penganten putri, ingkang tansah paring wewarah saha pitutur dhumateng garwa.

4. Mijiki

Temanten putri mijiki sukunipun temanten kakung minangka tandha raos bekti dhateng garwanipun.

5. Mecah endhog

Tigan kadumukaken ing palarabanipun temanten kakung lan putrid lajeng kapecah dening juru sumbaga.

Ancas: Nalaripun penganten kakung sampun pecah, samekta ( siap) mengku saha dados suhing kulawarga; Mugi pinanganten kekalih enggal kaparingan keturunan ingkang sae.

6. Mlampah gandhengan jenthik, tumuju dhateng palenggahan manten.

Urutanipun: Patah sakembaran, manten, bapa ibunipun manten lan para pangombyong.

7. Kacar-kucur / tampa kaya

Caranipun: Penganten kakung ngesokaken isining keba ( kain ) ing pangkonipun temanten putri, tinampi mawi sindur ( kain). Temanten putri kedah mbudidaya amrih isinipun keba boten telas saha boten wonten ingkang kecer

Ancas: Kakung badhe paring guna kaya dhateng putri; putri badhe gemi nastiti, ngati-ati lan boten boros.

8. Dulangan ( dhahar walimahan )

Ancas: Kakung badhe peparing ingkang migunani dhumateng penganten putri, peparing menika saged awujud nafkah lair lan nafkah batos.

9. Methuk wong tuwane manten kakung / besan.

Sasampunipun tata upacara ing nginggil kaanggep cekap, besan dipunpapag dening bapa ibunipun manten putri, amargi nalika upacara panggih dumugi upacara dhahar walimahan katindakaken, besan boten kenging angrawuhi. Besan kekalih lajeng kadherekaken tumuju ing sasana rinengga. Besan limrahipun kalenggahaken ing sakiringipun temanten. Dene tiyang sepuhipun temanten putri ing kanannipun temanten.

10. Upacara Sungkeman.

Ancas: Nyuwun donga pangestu.

  1. A. Gladhen

Kawangsulana pitakenan ing ngandhap punika kanthi jangkep!

1. Kasebatna kanthi jangkep rerangkenipun Tata Upacara Ningkah Adat Jawa Gagrag Ngayogyakarta!

2. Menapa pawadanipun, nalika nglamar kekasihipun putra kakung,  tiyang sepuh ngresaya keluwarga ingkang cinaket?

3.Menapa kemawon ubarampenipun pasrah sanggan saha paningset tuwin kasebatna menapa kemawon ancasipun ubarampe menika!

4.Tarub kadamel saking nam-naman blarak ingkang dipunsebat bleketepe. Bleketepe ngemu teges menapa kemawon?

5.Cirinipun manten putri cara Jawi ingkang dados punjeripun inggih menika macak bathuk ( palarapan); antawisipun: Penunggul; Pengapit; Penitis; Godheg; Cithak. Cobi kasebatna ancasipun saben peranganipun paes menika!

6. Menapa kemawon rerangkenipun Upacara Panggih, Cobi kasebatna salajengipun katerangna menapa kemawon ancasipun!

II. MICARA

A. Waosan

BAB KANG DINGERTENI JURU PAES PENGANTEN

Jroning saben akad nikah, juru paes penganten duwe kewajiban kang wigati banget, jalaran merga saka dheweke manten iku diajab dadi ayu, mungguh lan upacara akad nikah dadi luwih regeng tur mengku teges. Sawetara ana juru paes kang ngandhakake, manawa mantene putri nalika upacara panggih katon ayu, mantene kakung bakal luwih nandhes rasa tresnane. Mula saka iku saben juru paes manten kudu bisa nguwasani kabeh bab kang ana gayute karo akad nikah.

Minangka sawijining juru paes manten, kanyata kwajibane ora mung macaki manten sakloron. Ananging kang luwih wigati saka iku yaiku tanggung jawab moral jroning menehi tuntunan urip bebrayan lan urip neng masyarakat tumrap manten sakloron. Juru paes manten uga dikudokake kanggo menehi sesuluh marang calon manten.

Kwajibane juru paes mula ora gampang, nanging nyata pepak, lan kaya sajak rumit. Mula saka iku sawijining juru paes manten, diajab bisa mangerteni utawa bisa nguwasani kabeh samubarang kang ana gayute karo upacara akad nikah lan bisa dadi paranpara tumrap wong liya, bab kepriye upacara akad nikah adat Jawa ditindakake, luwih-luwih tumrap wong kang bakal duwe gawe mantu.

Kajaba iku, juru paes manten uga kudu duwe kawruh kang jembar, jalaran dheweke uga kudu tansah nambah ngelmune, supaya bisa dadi juru paes kang duwe wawasan jembar, pinarcaya lan bisa diandelake. Mula saora-orane juru paes kudu duwe kapibaden lan sipat-sipat mangkene:

1. Andhap asor, tansah ngormati lan ngajeni marang sapadha-padha.

2. Wicaksana

3. Gondhelan kenceng wewaton kanggo njaga, miyara, lan nglestarekake budaya luhur ing bab tata paes penganten adat Jawa.

4. Disiplin ing wektu apa dene jroning prajanjian.

Kira-kira mangkono sawetara bab kang kudu dikawruhi dening saben juru paes panganten, mligine macak penganten adat Jawa, lan isih maneh bab – bab kang wigati supaya dikawruhi dening sawijining juru paes penganten adat Jawa, kayata: pasa sadurunge maesi.

B. Damel Pacelathon

Adhedahasar waosan ‘Bab Kang Dingerteni Juru Paes Penganten’ ing nginggil, kadamela naskah dialog (pacelathon). Wondene basanipun ngginakaken basa ingkang sae!

C. Nindakaken Pacelathon

Sasampunipun damel pacelathon, cobi katindakna kaliyan kanca sanesipun, kanthi irama lan tata krama ingkang sae!

III. MAOS

A. Waosan

Kawaosa waosan ing ngandhap punika!

MANEKA WARNA UPACARA MLIGI

KANGGO MIMBUHI KAWRUH BAB UPACARA NINGKAH CARA JAWA

GAGRAG NGAYOGYAKATA

Ing bab ningkah cara Jawa, ana sawetara pakulinan mligi kang katindakake, gayut karo kang diningkahake. Dheweke iku statuse ana ing kulawarga kepriye. Upamane: randha apa dhudha, anak barep apa wuragil, nglangkahi, lan liya-liyane. Upacara mligi kang sok-sok ditindakake upamane:

Upacara Bubak Kawak

Upacara bubak kawak iki katindakake nalika ijabe anak barep. Upacara panggih tetep dianani. Mung wae ing kene bapakne manten putri ngombe rujak degan. Sawise ibune manten putri menehi rujak marang bojone lan banjur diombe, tumuli nakoni: “Apa rujake kurang enak?” Diwangsuli: “ Rasane enak lan seger!” Rujak mau banjur diwenehake marang kang wadon maneh, supaya melu ngicipi. Sawuse ngrasakake nuli kandha: “ Pancen nyata rujak degan iki enak lan seger”. Sabanjure rujak mau diwenehake marang manten sakloron supaya padha ngicipi.

Upacara Tigas

Upacara tigas iki mung mligi ditindakake ana ing akad nikah antarane jaka lan prawan lan tetep nganggo upacara Panggih.

Upacara Langkahan

Upacara langkahan iki katindakake  manawa calon manten putri anggone ningkah luwih dhisik katimbang kakangne kang durung ningkah. Sadurunge akad nikah, calon manten putri kudu jaluk idin marang kakangne kang dilangkahi. Tumindake bab iki lumrahe diwiwiti sadurunge midadareni. Jalaran upacara iki asipat mirunggan, mula lumrahe mung sineksenan dening kulawarga. Biyen upacara iki ditindakake ing sangareping senthong utawa kamar tengah, nanging samengko iki katindakake ing kamar manten.

Sadurunge upacara langkah katindakake, kakangne utawa bakyune siyaga nganggo dandanan jawa lan lungguh sila utawa timpuh ing papan kang wis dicawisake. Dene urut-urutane tumindak mangkene:

1. Calon manten ngadhep kakang utawa mbakyune kanthi lungguh timpuh lan nuli nyembah sinambi kandha utawa ngomong: “Kangmas utawa Bakyu, kula nyuwun idin badhe ngrumiyini lumampah, saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kula kekalih  samangke dumugi papan kang kula sedya lan manggih seneng, tinebihna ing rubeda sambekala, Amin.”

2. Sawise ngucap mangkono mau, nuli calon manten sungkem karo ngambung dhengkule tengen dikantheni niat utawa sedya kang tandhes temenan. Kangmase utawa bakyune nampa sarana numpangake tangane ana ing pundhake kiwa tengen adhine sarana numpangake tangane ana ing pundhake kiwa tengen adhine sinambi mangsuli: “ Dak paring idin lan palilah lumakua dhisik, slamet ora kurang sawiji apa, tekan papan kang kok tuju. Muga-muga Gusti Kang Maha Agung tansah maringi seneng ing sapandhuwure lan aku enggal nututi. Amin.” Nuli calon manten lungguh maneh ing papan sekawit banjur masrahake sanggan kang wujud: pisang raja, kembang telon lan benang lawe sarta tali asih utawa tandha mata, bisa wujud apa wae.

Upacara Tumplak Punjen

Upacara tumplak punjen lumrahe ditindakake nalika wektu ijab kanggo anak wuragil. Sarat-sarat kudu dicukupi ing upacara tumplak punjen iki yaiku gawe kanthongan-kanthongan cilik kang nuli diiseni: dhuwit receh utawa logam, empon-empon, beras kuning, lan kembang sritaman. Ngenani akehe dijumbuhake karo kekuwatane. Kabeh kanthongan cilik-cilik mau dicemplungake bokor kang uga isine padha karo kanthongan cilik-cilik mau. Sabanjure kanthongan-kanthongan cilik mau didum-edumake dening ibune manten maranng anak-anake kabeh, wiwit saka kang barep tekan wuragil kang bakal dadi manten. Turahane diwenehake marang para tamu. Sabanjure wiji-wiji kang ana ing bokor siyaga kasebar kanggo putu-putune kareben ora ana kang keri. Upacara tumplak punjen iki ditndakakake sadurunge upacara sungkeman. Persise sawise upacara kacar-kucur utawa tampa kaya lan sadurunge wong tuwane manten kakung dipethuk.

Upacara Macul Tumpeng

Upacara macul tumpeng iki katindakake wektu ijab antarane sedulur misan utawa nunggal embah buyut lan manut sarasilah manten wadon luwih tuwa katimbang manten kakung.Tumindake kudu di dhisiki nganggo sarat manten kakung macul tumpeng, sabanjure kanthi ngadeg nrajang benang lawe. Upacara iki ditindakake sadurunge upacara panggih.

Suwalike menawa manut salasilah, manten kakung luwih tuwa katimbang manten putri, mula manten kakung ora kudu macul tumpeng, ananging cukup srana nrajang bolah lawe wae. Sawise iku ditindakake upacara panggih.

Upacara Nyiram Bugel

Nalika sajroning nindakake akad nikah mantene wadon wis randha, nanging durung duwe anak ( randha kembang) sarat kang kudu dilakoni yaiku manten kakung nyiram bugel, yaiku kayu kang wis diobong kanggo olah-olah lan isih mengangah ( ana genine). Upacara iki katindakake ing sangarepe lawang, sadurunge upacara panggih. Suwalike Manawa kang nindakake ijab antarane prawan karo dhudha durung anak-anak, kang nindakake nyiram bugel manten putri, uga ana ngarep lawang sadurunge upacara panggih.

B. Negesi Tembung

Menapa tegesipun tembung-tembung ing ngandhap menika !

1. barep    :

2. wuragil :

3. panggih           :

4. tigas     :

5. mirungg           :

6. bubak kawak:

7.tumplakpunjen:

8. nyiram bugel:

9. bokor    :

10. idin palilah:

C. Ringkesan Waosan

Waosan kanthi irah-irahan “Maneka warna upacara mligi” ing nginggil kadamela ringkesanipun mawi basa krama lajeng kawaosa ing ngajeng kelas!

IV. NYERAT

Seratan aksara Jawi ing ngandhap menika kawaosa salajengipun kaserata aksara latinipun!

ÄpsuwitnNi=zges=.

[ay=m=kukusum

Äm=kwjibBi=tumithspisn¿,suwitgusTi:”[ali=lmunGes=ziraikusde/mzL[konNinrimsihai=gusTi[koju/muju/k=tinemuawsM`izwjibBirlimºhkpºhai=zaurip¿,[aoran[w=oauripTnPs=sr.

Ä”kpi[nDo,bene/ri=tithkuwjibBnH=  X luri X eluau/rirpºiy=g X lnT/rn¿a-=wifFi.

Äptº[pPmu=tberitweklLwnÒ|wjuhmr=sbFssMit:”dwuhai=prlinuwih.

Ä[norana-=wifFia=znFik.

Follow

Get every new post delivered to your Inbox.

%d bloggers like this: